Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
19 dari 46
110–111 dari 277
1.099–1.108 dari 2.770
19.034 Nyai Gêdhe ing Kare winarni | wus lami karongron | Nyai Gêdhe ing Kare arine | Nyai Gêdhe ing Wanglu winarni | nuli ingkang rayi | nênggih wastanipun ||
19.035 Nyai Gêdhe ing Bokong winarni | rinya miyos wadon | Nyai Gêdhe Ngadibaya rane | sampun jangkêp pêpitu winilis | jalu lawan èstri | kêkadang apatut ||
19.036 datatita kang kawarnèng nguni | kang kocapa mêngko | nênggih wontên winiraos malèh | ing carita pan gênti winarni | Ki Agêng ing Pêngging | punika dhinapur ||
19.037 ingkang anama Ki Agêng Pêngging | akêkadang roro | kang adarbe têdhaking kandhane | dipati Andayaningrat nguni | Adipati Pêngging | kang adarbe turun ||
19.038 nguni-uni Natèng Pajang Pêngging [203] | anama mêngkono | Prabu Andayaningrat turune | sirna karatone mung Dipati | Pajajaran prapti | natèng Majalangu ||
19.039 maksih anama pan adipati | cinatur kinaot | sami-sami ing kabupatène | aprakosa digjayèng ajurit | asugih prajurit | sugih barana gung ||
19.040 angrèh sakilèning Lawu wukir | nênggih sapangulon | sakidul wukir baita kabèh | lèring samodra kidul sumiwi | mring Dipati Pêngging | kabawah sumuyut ||
19.041 sami wingwrin kang para dipati | bang lor sapangulon | tan ana kang anăngga bobote | ing ayuda asugih prajurit | myang barana sugih | pirang-pirang turun ||
19.042 Pajajaran praptèng Maospait | sirnaning karaton | kacatur amung kabupatène | tan apêdhot sanamane mêksih | Adipati Pêngging | marmanya ingugung ||
19.043 marang Brawijayèng Maospait | tinêmpuhkên ing bot | sampun tinariman ing putrine | kang panênggak antuk Sang Dipati | Dayaningrat Pêngging | wêkasan kang kantun ||
110–111 dari 277