Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 46
60–61 dari 277
593–602 dari 2.770
11.103 pan kawuri Radèn Patah syèngi | Radèn Usèn ari merenea | pan ulun ana ring kene | Radèn Usèn awangsul | amiyarsa kakange angling | mangsêh manungsung agya | arinira cundhuk | manêmbah ring kakangira | Radèn Patah nulya sira dèn sungkêmi | manangis arinira ||
11.104 Radèn Patah sigra dènira ngling | ari Usèn mring ngêndi karsanya | atur sèmbah Radèn Usèn | kakang dinukan ingsun | dening rama dika sang aji | dene ulun lênggana | ing karsa sang prabu | kinarya patih tan miyang | ulun iki tinundhung dening rama ji | lunga sangking Palembang ||
11.105 mangkin iki tumamèng wanadri | tarkaningwang ulun yèn têkaa | anarka mring Jawa age | ngawulèng Majalangu | Brawijaya dibya ing Jawi | pratama ing ingrat sabrang |[1] pra nata kang mungsuh | ambêk sadu palamarta | sarya boga suta wisesa pan adil | Jawa tan Pasingan |[2]|
11.106 Radèn Patah sigra dènnya angling | ari Usèn mangkono karsanya | ulun milu sira [109: si...ra] radèn | karsanira sun êtut | ayya pisah ari lan mami | parastra rip parênga | kita lawan ulun | anulya parêng lumampah | sampun lêpas ana wong bêbegal kalih | angadhang nèng dêdalan ||
11.107 purwanira bêbotoh kalindhih | ngadu ayam dunyanira têlas | malah ing suta swamine | tinohakên pan sampun | anggurangsang manah tan bêcik | dadya begal langên tal | myang saduluripun | pun Supala kang atuwa | arinira apan awasta Supali | manahira lwir buta ||
11.108 pun Supala lawan pun Supali | angêmbat lawung anumbak lêmah | kurang mungsuh ing nityane | anandêr anglir nêmpuh | amrih nir tyasing kang lumaris | pun Supali gya mojar | maring kakangipun | kakang Supala ngong mulat | wong lumampah ring ngayun ika kêkalih | iku yogya maling wang ||
11.109 Radèn Usèn sigra dènira ngling | kakang Patah ana wong bêbegal | ing ngayun ika kêkalèh | angadhangi dalanggung | lah ta kakang dèn yitna ugi | mirea ingkang kiwa | ulun apan purun | wong roro angêmbarana | tan antara kang ambêbegal gya prapti | Supali lan Supala ||
11.110 nulya mêgati mring radèn kalih | hèh wong ngêndi roro liwat |[3] nèng Wanantara ing kene | lan ta sapa jênêngmu | Radèn Usèn nulya sira ngling | lah sira silih sapa | angadhang dalanggung | aja sira [110: si...ra] salah karya | lah mirea ingsun pan arsa lumaris | aja ngandhêg wong liwat ||
11.111 jênêng ingsun Supala Supali | kang duwèni alas Wanantara | sun gawe pangan sêdhênge | amêgati dalanggung | sing wong liwat ingsun dhèdhèli | ing sang panganggeneka | tumbak lawan dhuwung | iku pasthi duwèningwang | hèh wong roro aja kakêhan dera ngling | lah tilara busana ||
11.112 Radèn Usèn sigra dènira ngling | hèh Supala Supali tan suka | sira ingsun jaluk age | saha panganggèn ingsun | sun rewangi sabaya pati | mêngko pêksa dera lap | sangking angganingsun | yèn ingsun uwus palastra | karsanira agya Supala Supali | sigra kalih narajang ||
60–61 dari 277

 


Lebih satu suku kata: pratama ing rat sabrang. (kembali)
Kurang satu suku kata: Jawa tan Pasingsingan. (kembali)
Kurang dua suku kata: hèh sira wong ngêndi roro liwat. (kembali)