Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 46
61–62 dari 277
609–618 dari 2.770
11.119 radèn kalih sangang dinèng margi | Wanantara tan boga anendra | angungang gunung ujunge | pasisir pan kadulu | ri kang gunung ngungang jaladri | ujung pan kaunggahan | dening robing ranu | mapan asri katingalan | ri pantêse dadya unggyaning abrangti | radèn kalih kacaryan [112: ka...caryan] ||
11.120 tatkalayar prapta anèng giri | Rasyamuka tilasing patapan | ingagenan radèn kalèh | wraksa aking angaub | tigang căndra radèn tan gingsir | wraksa aking apatra | angaubi sampun | ana juragan alayar | ing samodra parau kandhêg tan gingsir | ki juragan kampita ||
11.121 ki juragan nulya aningali | pinggiring kang gunung Rahsyamuka | ana wong tapa kêkalèh | ki juragan amuwus | yèn kênaa lumampah aglis | palwaningsun alayar | sun marêk sang wiku | kang atapa Rahsyamuka | sun ngabêkti ngaturakên pati urip | nulya obah kang palwa ||
11.122 dan lumampah palwanira aris | yyan janmaa ciptane mangkana | angajak marêk rahadèn | ki juragan amuwus | kaya iki karsaning Widi | hèh sakèhing bandhega | nêdha sami biluk | dinunung ring Rahsyamuka | tarkaningwang payo marêk ing sang yati | kang tapa Rahsyamuka ||
11.123 ingkang palwa lumampah lwir angin | sigra dhatêng giri Rahsyamuka | nulya cinancang pinggire | juragan nulya mudhun | dan sumêngka sira ing ardi | mênggêp narka mahatma | sidyakêna iku | saciptanira mring radyan | nulya tinon Radèn Patah myang kang rayi | manusup Wanantara ||
11.124 nulya dhatêng bayu bajra angin | umyus mêsês manêmpuh ring wrêksa | manawa sêmpal pange |[1] pokah kayunya êpuh | kaparapal kabèh [113] rug sami | cihnane janma prapta | ampuhan angasut | sigra mangsah ki juragan | wang-wang cundhuk kalawan rahadèn kalih | ki juragan gya mojar ||
11.125 hèh sang sadu dibya sira kalih | dening wênang marêka ta sira | anggya ingkang durgamane | Rahsyamuka ing gunung | parayangan kalawan êjin | yèn ikang marikia | dahatira takut | punika anung prayoga | dene kita manucup ta wong kêkalih | ing giri Rahsyamuka ||
11.126 lir ning baya anung mêmadèni | ing karo duk anèng Rahsyamuka | lan isika ing guhwane | sadu raksasa agung | lan liyanya wisaca iki | myang mong sêdhêngnya galak | umungguhi gunung | lintang kagulung inêmbah | dening macan kagulung ana ing trêbis | marêngut rikang monya ||
11.127 Rêsyamuka igêng ingkang kali | malwa ing lwahnya malungka-lungka | malwa mêloki pêluke | molêk kakolêkaku | pan kaalêm saraning kali | nulya sira umêntas | katêbèng kang aduh | ingkang kali dadya bêna | dening ana gajah lan atita iki | madyusirèng walahar ||
11.128 akyèh singha sahasaning asri | kamalakèng pan dadya mungsuhnya | janma yyan munggah ing kene | selanya apan lunyu | yèn ingandêl lèngsèr karikil | yakti janma aniba | kabêntus ing watu | talanya padha anêla [114] | mèsi ula panêmburira amandi | matèni wisanira ||
61–62 dari 277

 


Kurang satu suku kata: manawa sêmpal êpange. (kembali)