Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 46
62–63 dari 277
618–627 dari 2.770
11.128 akyèh singha sahasaning asri | kamalakèng pan dadya mungsuhnya | janma yyan munggah ing kene | selanya apan lunyu | yèn ingandêl lèngsèr karikil | yakti janma aniba | kabêntus ing watu | talanya padha anêla [114] | mèsi ula panêmburira amandi | matèni wisanira ||
11.129 sêsukêtaning gunung maranti | ingkang ngalap aniba kantaka | malah si têka patine | liyan sangking pukulun | tamanana têka ing giri | Rahsamuka puniku |[1] ing purwaning ulun | marangke munggah parbwata | pun juragan wisma ulun pan Garêsik | alayar ing samodra ||
11.130 sapraptane samodra ring giri | Rêsyamuka kêndhêg kang baita | dening dibya ing singite | dadia marking ulun | dhatêng kita ulun ngabêkti | ngaturkên pêjah gêsang | sakarsanira nut | dening kasalat samodra | ulun ika duwe ujar angabêkti | katura kita nyawa ||
11.131 sang pandhita ing pundi purwèki | sangkan kita minggah ing parbata | ing Rahsyamuka marangke | sigra mojar sang wiku | kyating sarat jênêng nrêpati | Arya Damar Palembang | sarwa boga agung | salwir suta kang wisesa | palamarta ambêk sadu mapan adil | akyèh kang anèng sira ||
11.132 akyèh sutanira dibya sêkti | pan ariku anging ulun dhawak | suta kang manda bêgjane | purwaningsun tinundhung | dening yayah ulun ing nguni | dening ulun lênggana | ing parentahipun | kinèn gumantia nata | ing Palembang nulya ngwang tilar nagari | tumanduk marangkea ||
11.133 ki juragan lamon sira mulih | marang Jawa sun nunut ing sira [115: si...ra] | samodra nunggang palwane | ki juragan umatur | sokur bagya sang maha yêkti | kita dhatêngèng Jawa | dadia panuntun | wadya Jawa iku mundha | damarana pêtênge manahirèki | kita dadia pandam ||
11.134 ki juragan lawan radèn kalih | sigra mudhun marang ing samodra | nunggang palwa dan layare | ing samodra lumaku | anglir kuda angrap sira glis | prapta ing Surabaya | radyan nyawuk banyu | ginănda toya mrik sumyar | Radèn Patah mojar ing juragan aglis | ulun mudhun mring dharat ||
11.135 pracinane ana ing wong adi | banyunira wangi ulun gănda | karanya rèrèn ing kene | anulya padha mudhun | Ngampèldênta dhusun wêwangi | Radèn Patah umulat | masigite ngunggul | ngungang bandar Surabaya | Radèn Patah kacaryan dera ningali | masub mring Ngampèldênta ||
11.136 Radèn Patah lawan ingkang rayi | kandhêg jaba anèng bale panjang | pacarabaaning ngakèh | paliwara ing wiku | aran Jagawasita nênggih | lagi mring bale panjang | têtamu kapangguh | alinggih ing bale panjang | mring wong kêmbar samya pêkikira kalih | lwir Bathara Asmara ||
11.137 Jagawasita malêbèng puri | atur sêmbah maring sang pandhita | hèh Jêng Susunan ing Ngampèl | jawi wontên têtamu | wong kêkalih warnine [116] sami | kadya hyang hyang kinêmbar | samya bagus bagus | Susunan Ngampèl kampita | mènggung rênggang palungguhira ing kathil | lèngsèr mungwing buntala ||
62–63 dari 277

 


Biasanya guru lagu a: punika. (kembali)