Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 46
51–52 dari 277
507–516 dari 2.770
11.017 pinakolih Ki Dilah pakarti | mapan sira kinulawisuda | jinunjung mantri lungguhê | jinênêngakên sampun | Arya Damar sinung nagari | tanah sabrang Palembang | apan dadi ratu | binaktan wadya salêksa | sangking Jawa ingakên putra nrêpati | dibya pan kinasihan ||
11.018 ri sampunya sasmita rumiyin | kang kocapa Risang Putri Cina | ingaturkên sang natane | dening Raja Cinèku | lêwih ayu citra sang putri | yèn ngumbe maya-maya | gêdhah isi madu | upama miwaha jênar | yèn adhahar katingal upan-upaning | lwir widadari kêndran ||
11.019 Brawijaya sukanira ênting | sinêngkakakên Sang Putri Cina | wus dadya grahanira nèm | ing tyas kamulènipun | pramèswari ing Darawati | grahanira kang tuwa | apan ing sih kantun | pramèswari sigra mular | nuhun pêgat ulihna ing yayah bibi | pan ingsun putri Cêmpa ||
11.020 Brawijaya sigra dènira ngling | ariningwang yèn sira tan arsa | mêmaru Putri Cina gèr | yêkti iku sun tundhung | sangking pura ing Maospait | Brawijaya nênurat | sangking sining kalbu | kawrat nawalanèng patra | wus sinungakên ing Gajahmada Patih | gya tinampanan nêmbah ||
11.021 pan [90: pa...n] widagda Gajahmada Patih | wus uninga ri cipta sang nata | adan lumampah sira ge | ing Garêsik jinujug | Arya Damar kalanirèki | tinundhung mantuk sira | sangking Majalangu | ing Garêsik pamondhokan | pan anganti wadine sri narapati | wadine kang kinarsan ||
11.022 sigra prapta Gajahmada Patih | ing Garêsik cundhuk lawan Arya | Damar sira nulya lèngsèr | sangking paluguhipun | Patih Gajahmada sira ngling | hèh Risang Arya Damar | ulun pan ingutus | dènira sang naradipa | maringakên graha dalêm risang aji | kang wijil sangking Cina ||
11.023 myang kang layang Prabu Majapait | kinèn matêdhakakên ing tuwan | nulya tinampan sira ge | mring Arya Damar sampun | ri kang surat binabar aglis | adan nulya winaca | pèngêt layang ingsun | Brawijaya Majalêngka | hèh Sang Arya Damar sira sun paringi | risang putri ing Cina ||
11.024 iku aja korowang sarêsmi | lah antinên ing titipan ingwang | yyan na wus mijil putrane | iku karsanirèku | risang putri ing Cina ugi | pan iku grahanira | yya ataèng ingsun | ri sèsthinê prayaningwang | apan kawrat anèng patra kang sun tulis | rampung tata titinya ||
11.025 Arya Damar sigra dènira ngling | hèh Kiyai Patih Gajahmada | matura ing sang nata ge | sêmbah ulun anuhun [91] | karan ulun kandhêg Garêsik | alami tan alayar | anganti ing ulun | karsane sri naradipa | rèhing mami ngawula sri narapati | eman ewuh ing lampah ||
11.026 Kyai Patih Gajahmada mulih | dyan lumampah tumamèng nagara | praptèng ing Majapaite | risang nata kapangguh | Patih Gajahmada tur aris | hèh risang naradipa | ulun tuwan utus | dhatêng ing Sang Arya Damar | maringakên sêrat kalawan sang putri | anuhun Arya Damar ||
51–52 dari 277