Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 46
52 dari 277
511–520 dari 2.770
11.021 pan [90: pa...n] widagda Gajahmada Patih | wus uninga ri cipta sang nata | adan lumampah sira ge | ing Garêsik jinujug | Arya Damar kalanirèki | tinundhung mantuk sira | sangking Majalangu | ing Garêsik pamondhokan | pan anganti wadine sri narapati | wadine kang kinarsan ||
11.022 sigra prapta Gajahmada Patih | ing Garêsik cundhuk lawan Arya | Damar sira nulya lèngsèr | sangking paluguhipun | Patih Gajahmada sira ngling | hèh Risang Arya Damar | ulun pan ingutus | dènira sang naradipa | maringakên graha dalêm risang aji | kang wijil sangking Cina ||
11.023 myang kang layang Prabu Majapait | kinèn matêdhakakên ing tuwan | nulya tinampan sira ge | mring Arya Damar sampun | ri kang surat binabar aglis | adan nulya winaca | pèngêt layang ingsun | Brawijaya Majalêngka | hèh Sang Arya Damar sira sun paringi | risang putri ing Cina ||
11.024 iku aja korowang sarêsmi | lah antinên ing titipan ingwang | yyan na wus mijil putrane | iku karsanirèku | risang putri ing Cina ugi | pan iku grahanira | yya ataèng ingsun | ri sèsthinê prayaningwang | apan kawrat anèng patra kang sun tulis | rampung tata titinya ||
11.025 Arya Damar sigra dènira ngling | hèh Kiyai Patih Gajahmada | matura ing sang nata ge | sêmbah ulun anuhun [91] | karan ulun kandhêg Garêsik | alami tan alayar | anganti ing ulun | karsane sri naradipa | rèhing mami ngawula sri narapati | eman ewuh ing lampah ||
11.026 Kyai Patih Gajahmada mulih | dyan lumampah tumamèng nagara | praptèng ing Majapaite | risang nata kapangguh | Patih Gajahmada tur aris | hèh risang naradipa | ulun tuwan utus | dhatêng ing Sang Arya Damar | maringakên sêrat kalawan sang putri | anuhun Arya Damar ||
11.027 datatita lingira ing nguni | kang kocapa Arya Damar mancal | nulya binabar layare | anuju angin timur | dan lumampah palwanira glis | kadya jaran angêrap | ing Palembang rawuh | tumama ring ngabyantara | Arya Damar têtêp umadêk nêrpati | anèng nagri Palembang ||
11.028 ênêngakna kang madêk aji |[1] ing Pêlembang ing Cêmpa kocapa | Mandum[2] Brahim pêputrane | kêkalih samya jalu | kang asêpuh wastanirèki | kêkasih Radèn Rahmat | rikang anèm wau | Radèn Santri namanira | Raja Cêmpa putrane wau winarni | nama Radèn Burerah ||
11.029 Radèn Rahmat kang arsa apamit | mring kang paman Sang Raja ing Cêmpa | tansah kalawan arine | Radèn Rahmat gya matur | ri kang paman anuhun pamit | kawula arsa kesah | anuhun pangèstu | arsa dhatêng tanah Jawa | atêtuwi mring uwa ing Maospait | Raja Cêmpa ngandika [92] ||
11.030 iya sun lilani sira kaki | anging arinira iku nyawa | sira gawaa karone | saparan aywa kantun | Ki Burerah lawan Ki Santri | iku wêwêkas ingwang | ywana salah dunung | ya ta sampun sinangonan | ri sang putra katiga wus angabêkti | wus umangkat katiga ||
52 dari 277

 


Kurang satu suku kata: ênêngakna kang umadêk aji. (kembali)
Makdum. (kembali)