Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 46
52–53 dari 277
517–526 dari 2.770
11.027 datatita lingira ing nguni | kang kocapa Arya Damar mancal | nulya binabar layare | anuju angin timur | dan lumampah palwanira glis | kadya jaran angêrap | ing Palembang rawuh | tumama ring ngabyantara | Arya Damar têtêp umadêk nêrpati | anèng nagri Palembang ||
11.028 ênêngakna kang madêk aji |[1] ing Pêlembang ing Cêmpa kocapa | Mandum[2] Brahim pêputrane | kêkalih samya jalu | kang asêpuh wastanirèki | kêkasih Radèn Rahmat | rikang anèm wau | Radèn Santri namanira | Raja Cêmpa putrane wau winarni | nama Radèn Burerah ||
11.029 Radèn Rahmat kang arsa apamit | mring kang paman Sang Raja ing Cêmpa | tansah kalawan arine | Radèn Rahmat gya matur | ri kang paman anuhun pamit | kawula arsa kesah | anuhun pangèstu | arsa dhatêng tanah Jawa | atêtuwi mring uwa ing Maospait | Raja Cêmpa ngandika [92] ||
11.030 iya sun lilani sira kaki | anging arinira iku nyawa | sira gawaa karone | saparan aywa kantun | Ki Burerah lawan Ki Santri | iku wêwêkas ingwang | ywana salah dunung | ya ta sampun sinangonan | ri sang putra katiga wus angabêkti | wus umangkat katiga ||
11.031 wus anitih baita lumaris | alayar nêngah mring nusa Jawa | datan kawarna lampahe | prapta ing Majalangu | dyan cumundhuk risang nrêpati | prapta putra têtiga | sukèng tyas kalangkung | pan dahat binoja-boja | tan winarna lamine nèng Majapait | apan sampun sawarsa ||
11.032 kawarnaa apan uwus lami | Radèn Rahmat apalang krama |[3] punika antuk putrane | Wilatikta Tumênggung | pan kêkalih putrinirèki | Tumênggung Wilatikta | èstri kang pabayun | awasta Gêdhe Manila | apan sampun pinanggihakên ning nguni | kalawan Radèn Rahmat ||
11.033 kang taruna aran Jaka Sahid | jalu warnane bagus anawang | jangkêp kêkalih putrane | Rahadèn Rahmat wau | wus apamit dhatêng nrêpati | awisma Ngampèldênta | êgènnya[4] dhêdhukuh | wau ingkang kawarnaa | Radèn Santri lan Radèn Burerah nguni | wus sami palakrama ||
11.034 apan angsal atmajanirèki | Arya Teja kêkalih putranya | sami wanodya putrane | samya yu warnanipun [93] | ingkang sêpuh kalap Dyan Santri | dene ingkang taruna | pan kagraha sampun | dhatêng Radèn Burerah |[5] radyan kalih apan sami nuhun pamit | dhatêng Sang Brawijaya ||
11.035 apan karsa dhêdhêkah Garêsik | radèn kalih wus sami ngidenan | datan warnanên polahe | wus sami adhêdhukuh | radèn kalih anèng Garêsik | wau kang kawarnaa | molana nyar rawuh | maolana saking Juldah | apêparab Sèh Wali Lanang anênggih | jumujug Ngampèldênta ||
11.036 wus apanggih angraos ing ngèlmi | lawan Susunan ing Ngampèldênta | molana lajêng lampahe | angetan lampahipun | Sèh Molana sigra gya prapti | muara Balambangan | wastane kang dhusun | anênggih ing Purwasata | kalanira Prabu Balambangan mangkin | dawêg gêrah putranya ||
52–53 dari 277

 


Kurang satu suku kata: ênêngakna kang umadêk aji. (kembali)
Makdum. (kembali)
Kurang satu suku kata: Radèn Rahmat gya apalakrama. (kembali)
ênggènnya. (kembali)
Kurang satu suku kata: dhumatêng Radèn Burerah. (kembali)