Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 46
57–58 dari 277
563–572 dari 2.770
11.073 ulun iki dèrèng wruh ing wangsit | ing nagara yakti dadi nistha | dadi paguywaning ngakyèh | dening ngong mudha punggung | yêkti awèh surêm nêgari | adil pan dèrèng wikan | dadya ara-uru | sakyèhing wadya sadaya | pan wus wikan ing mudhane sang bupati | ngangge sakarsanira ||
11.074 Arya Damar mênêng tan nauri | ing wacananira Radèn Patah | abênêr [102] ika tarkane | myang pramèswarinipun | Putri Cina tan kêna angling | amirsa ing wacana- | nira ingkang sunu | Radèn Patah pan prayoga | lwir wong tuwa smune pan wus gumanti |[1] mring kang awèh titipan ||
11.075 nahên ujar arya dan sumilih | Radèn Patah masukêt ing manah | ya taman pasingkabane | sang hyang arka sumurup | ri mangsaning ri têngah wêngi | Radyan Patah kabwatan | dahat nirèng sêmu | nir tyas dutaning akathah | angkên-angkên sarira paran bedaning | dadia raja mudha ||
11.076 Radèn Patah glana sandeyaning | manahira anarka yèn prana | winrêk agati têmahe | manah lwir angsa muluk | lamun tinon salab wiyati | ing wêngi ciptanira | kaya satus taun | agring upama lwir wadya | Radèn Patah pan wus wikan sarasaning | kaksana janmotama ||
11.077 Radèn Patah lolos sangking puri | kang tinurut ngurung-urung toya | sampun miyos byantarane | andarung lampahipun | cipta suci kang dèn turuti | anawang bawaning lyan | nir deya tan ketung | tumama ing Wanantara | iring-iring jurang ajro dèn lampahi | tuban anêmpuh parang ||
11.078 mèh raina sêmu bang hyang rawi | ri kaywan saanane padha swang | sata wana anjêgigèr | mrêrak padha anguwuh | yèn janmaa kadyawèh margi | padha tinundha-tundha | aswang paksi ngênu [103: ngê...nu] | myang manuk sêtya wacana | yèn janmaa unine akadya ngaturi |[2] rahadyan arèrèna ||
11.079 awan sakulêm datan kêjêping | yaktya lêswa yogya araryana | jahning mahning talagane | kadya langit dinulu | kambang tangwas wulan upami | ri kasêdhêng purnama | kusuma sumawur | wintang tulya padha lumrang | sarineka lwir jalada gănda wangi | kongas maring rahadyan ||
11.080 tunjung kuncup pan kumumbu sami | padha manêdhêng rêbut mapunjyang | upama ika tangane | marêp nganjali iku | yyan janmaa padha sira ngling | lah ta mara dyan mulata |[3] kabèh mêkar ngulun | lung-lungan ngadhang ing marga | pan rumêbèng yèn janmaa upamaning | padha ngawe ring tangan ||
11.081 kyèh talmagêng ana ring têpining | ing talaga pan nêdhênging mêwah | kyèhnya runtuh lwir balange | laman alas pan agung | tita nguni madyusing jyahning | punika ya binalang | yyan janma amuwus | rahadyan manawi raryan | ing talaga madyusning jyahna mahning |[4] talmagêng yyan mojara ||
11.082 Radèn Patah rêmên aningali | ring talaga nulya sira raryyan | alinggih anèng têpine | kabèh manêdhêng sampun | wohan alas tinon tulya sri | wite sawiji kêmbang | matêng sawohipun | myang nyadham kamaropokan | wohnya ruru agêlar myang kêmbang wangi | adi anèng buntala ||
57–58 dari 277

 


Kurang satu suku kata: lwir wong tuwa èsmune pan wus gumanti. (kembali)
Lebih satu suku kata: yèn janmaa unine kadya ngaturi. (kembali)
Lebih satu suku kata: lah mara dyan mulata. (kembali)
kurang satu suku kata: ing talaga madyusning jyahna mahêning. (kembali)