Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 46
58–59 dari 277
578–587 dari 2.770
11.088 Radèn Patah lwah saking sayati | ciptanira lwir wrêksa candhana | dinina dinadar dumèh | pamangsule mrik arum | dening budi wahya wiyati | kèsisan wrahning ima | nirmala sumunuh | sanityasa tya susatya | silar saking gêlah-gêlah tata suci | byaktyas pasthika maya ||
11.089 sakathahing burwan alas sami | pan kampita kênasnya malaywa | amirsa marang radèn |[1] ing Wanantara rawuh | yyan janmaa padha sira ngling | padha-padha satwalas | ngatingal ing ulun | rumêksa ring sira radyan | padha rawuh yyan janmaa magêrsari | ngubêngi Radèn Patah ||
11.090 liman alas limang puluh dyusing | talaga tar lagèng samya burwan | ataha-taha ring tyase | gadhing inasah gupuh | ri kang watu ridang mrih lungid | ya ta milu malaywa | tan erang ing lêmu | gya mulat buron akathah | yyan rumêksa ring radyan wus mangubêngi | liman rumêksèng radyan ||
11.091 prapta liman mêndhêk manganjali | yyan janmaa matur ing rahadyan | mênawi tumanduk age | nitihèng gêgêr ulun | lawan singa jajare linggih | ing nguni pan nirbaya | lawan gajah atut | myang warak kalawan wagra | padha munya yyan wonga padha sira ngling | madhêp ing karsa radyan ||
11.092 Radèn Patah malandhêp ing ati | aningali wana gung kwèh kênas | munggwing ing wrêksa unggyane | ciptanira atrênyuh | wuwuh dadya subrangtèng ati | panging kayu [106: ka...yu] kawuryyan | alurus dinulu | tinampan apan mapanah | patranira aendah upama taji | amanah jajaning lyan ||
11.093 Radèn Patah tinêkan ing widi | yèn alawas ing sananira |[2] sampurnane sarirane | subratanira nglangut | nulya mujya marang Hyang Widi | hèh bathara kang mulya | tingalana ulun | baya lali duwe wadya | ing jangjinè jênênging kawula gusti | tan kenging pasahêna ||
11.094 datatita lingira ing nguni | kang kocapa nagri ing Palembang | Dipati Arya Damare | tatasing siyang wau | punang cèthi anjrit kapati | kang tunggu pasarean | Radèn Patah suwung | murca saking pagulingan | Radèn Usèn miyarsa panjriting èstri | tarkanira wus wikan ||
11.095 Radèn Usèn malayu kapati | lumancang ing kyèhni[3] wong Palembang | dènnya ngulati kakange | nulya manjing wana gung | Arya Damar kagyat ning ati | mirsa wong pasarean | tangise gumuruh | tumama ring Arya Damar | samya matur ing Arya Damar sira glis | putra paduka ical ||
11.096 Arya Damar saha pramèswari | dahat gupuh ngulari kang putra | têlas sadalêm purane | saèstu lamun suwung | putra kalih tan anèng puri | Radèn Usèn duk kesah | yayah dahat tan wruh | yyan anusula kang raka | tarkanira sang arya mring putra kalih | sarêng musnèng byantara ||
11.097 Arya Damar mijil sangking puri | saha bala miwah grahanira | anitih [107: ani...tih] èsthi kalihe | nulya sira tumanduk | Jawi kitha panèpis iring | padêdesan wus têlas | putra tan kapangguh | malah têka ing sadina | angulati putra tan măntra kapanggih | umênêng Arya Damar ||
58–59 dari 277

 


Kurang satu suku kata: amirsa marang rahadèn. (kembali)
Kurang satu suku kata: yèn alawas ing sasananira. (kembali)
kyèh ning. (kembali)