Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 46
59–60 dari 277
582–591 dari 2.770
11.092 Radèn Patah malandhêp ing ati | aningali wana gung kwèh kênas | munggwing ing wrêksa unggyane | ciptanira atrênyuh | wuwuh dadya subrangtèng ati | panging kayu [106: ka...yu] kawuryyan | alurus dinulu | tinampan apan mapanah | patranira aendah upama taji | amanah jajaning lyan ||
11.093 Radèn Patah tinêkan ing widi | yèn alawas ing sananira |[1] sampurnane sarirane | subratanira nglangut | nulya mujya marang Hyang Widi | hèh bathara kang mulya | tingalana ulun | baya lali duwe wadya | ing jangjinè jênênging kawula gusti | tan kenging pasahêna ||
11.094 datatita lingira ing nguni | kang kocapa nagri ing Palembang | Dipati Arya Damare | tatasing siyang wau | punang cèthi anjrit kapati | kang tunggu pasarean | Radèn Patah suwung | murca saking pagulingan | Radèn Usèn miyarsa panjriting èstri | tarkanira wus wikan ||
11.095 Radèn Usèn malayu kapati | lumancang ing kyèhni[2] wong Palembang | dènnya ngulati kakange | nulya manjing wana gung | Arya Damar kagyat ning ati | mirsa wong pasarean | tangise gumuruh | tumama ring Arya Damar | samya matur ing Arya Damar sira glis | putra paduka ical ||
11.096 Arya Damar saha pramèswari | dahat gupuh ngulari kang putra | têlas sadalêm purane | saèstu lamun suwung | putra kalih tan anèng puri | Radèn Usèn duk kesah | yayah dahat tan wruh | yyan anusula kang raka | tarkanira sang arya mring putra kalih | sarêng musnèng byantara ||
11.097 Arya Damar mijil sangking puri | saha bala miwah grahanira | anitih [107: ani...tih] èsthi kalihe | nulya sira tumanduk | Jawi kitha panèpis iring | padêdesan wus têlas | putra tan kapangguh | malah têka ing sadina | angulati putra tan măntra kapanggih | umênêng Arya Damar ||
11.098 Arywa Damar mojar ingkang swami | hèh sang putri ing Cina riningwang | tanayanira rahadèn | karo datan kapangguh | datan owah jangjining Widdhi | tan kêna ngrekadaya | pan wus jangjinipun | pinisah yayah lan suta | pira bara yèn sira sinungan panggih | ing benjang dening Suksma ||
11.099 pramèswari mênêng pan umiring | wus pinupus yèn karsaning Suksma | sang arya mantuk lampahe | tumama ring kadhatun | myang sakathahing bala mantri | mantuk sowang-sowangan | maring wismanipun | wong sanêgara Palembang | jalu èstri sadaya samya gêng kikin |[3] nata kecalan putra ||
11.100 ri sampunnya lingira inguning | kang kocapa Radèn Usèn ika | prapta ing Wanantarane | kandhêg ing lampahipun | Radèn Usèn nulya ningali | mangilèn ngalor ngetan | kang kidul kadulu | tan ana janma katingal | Radèn Usèn mêmènèk wraksa waringin | inggil tatanpa padha ||
11.101 Radèn Usèn tumulya ningali | ngetan bênêr saojana ika | umulat marang kadange | pinggir talaga lungguh | Radèn Usèn angling ing ati | nyata ika si kakang | ring panduluningsun | yèn [108: yè...n] ingsun amaranana | ring si kakang manawa ulun dinalih | ingutus dening rama ||
59–60 dari 277

 


Kurang satu suku kata: yèn alawas ing sasananira. (kembali)
kyèh ning. (kembali)
kingkin. (kembali)