Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26 dari 46
141–142 dari 277
1.404–1.413 dari 2.770
26.029 wontên ta kocapa malih | anênggih dhêdhalang Prawa | Ki Bicak ika wastane | dhêdhalange Sultan Dêmak | amèn dhatêng Sêsela | cinatur rabine ayu | punjul saking ing ngakathah ||
26.030 lanang wadon angrasani | rabine dhêdhalang Prawa | dene ta ayu rupane | sami angalêm sadaya | sakèhe kang tumingal | ya ta awêsana katur | dhatêng Ki Agêng Sêsela ||
26.031 pawèstri dipun tingali | dhatêng Ki [253] Agêng Sêsela | sêmana giwang manahe | mulat ing suwarnanira | karsa dinamêl garwa | saksana ing enjingipun | pinêpêk sawong Sêsela ||
26.032 dhêdhalang kinèn mêjahi | pan rinêbat rabinira | pêpêk wong Sêsela kabèh | dhêdhalang Prawa wus pêjah | kinêmbulan ngakathah | sampune Ki Bicak lampus | bêndhene lan rabinira ||
26.033 katur sadayane sami | mring Ki Gêdhe ing Sêsela | miwah ringgit lan bêndhene | ya ta bêndhe tiningalan | sarêng wau katingal | punang kêkêmpul pinundhut | mring Ki Agêng ing Sêsela ||
26.034 kalangkung rêsêp ing ati | punang bêndhe winastanan | Kiyai Bicak wastane | kabêkta araning dhalang | sasampuning mangkana | apan mantun karsanipun | maring rabine Ki dhalang ||
26.035 sampune Ki Bicak kêni | kalangkung sukane nala | sangking pamawaning bêndhe | apan mantun darbe karsa | mring rabine ki dhalang | wus lami mangke winuwus | punang bêndhe ingèstrènan ||
26.036 dening Susunan ing Kali | yèn bêndhe dadi têngrêran | sapa ingkang duwe bêndhe | pinasthi dadi narendra | bêndhe têngrêran yuda | sêkti yudane tur unggul | yèn bêndhe muni angangkang ||
26.037 mangkana malih winarni | Kyai Gêdhe ing Sêsela | sêmana ananêm [254: a...nanêm] waloh | nuju mongmong putranira | anyamping cindhe ika | nanging tan amawi sabuk | sarya ngêmban ingkang putra ||
26.038 tansah dèn aring-aringi | putrane ingkang ingêmban | nulya miyarsa swarane | gègèr ing jawi sêmana | alok wong ngamuk ika | ki gêdhe gya arsa mantuk | asèlèh ing putranira ||
141–142 dari 277