Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26 dari 46
142–143 dari 277
1.420–1.429 dari 2.770
26.045 pambajêngipun anênggih | Nyai Gêng Lêlurung têngah | anadene panggulune | nênggi[1] Nyai Gêng ing Saba | anuli arinira | Nyai Gêng ing Bangsri iku | anuli arine ika ||
26.046 nênggih Nyai Gêng ing Jati | anuli arine ika | Nyai Gêdhe ing Patanèn | anuli malih arinya | anênggih kang anama | Nyai Agêng Pakis Dadu | wuragil jalu kang nama ||
26.047 anênggih Ki Agêng Ênis | punika ayun pratela | kang tinutur sajarahe | mangkana ta cinarita | Nyai Gêdhe ing Saba | pan kêkalih putranipun | jalu kalawan wanodya ||
26.048 ingkang asêpuh pawèstri | kang anom jalu winarna | Kiyai Juru wastane | mangkana abêbesanan | Nyai Gêdhe ing Saba | awarang besan sadulur | aja kapara ing doha ||
26.049 kang putra Ki Agêng Ênis | awasta Ki Pamanahan | pan sampun pinanggihake | lawan putrane kang uwa [256] | Nyai Gêdhe ing Saba | kaprênah ipe Ki Juru | kalawan Ki Pamanahan ||
26.050 mangkana winarna malih | amangsuli ing carita | ingkang cinatur arine | Kyai Gêng Gêtas Pandhawa | èstri sampun akrama | punika ingkang winuwus | wasta Nyai Gêdhe Ngêrang ||
26.051 darbe putra jalu pêkik | kalangkung inguparêngga | sampun mêpêg biraine | pan sampun apalakrama | asih pakramanira | mangkana aputra jalu | wus akrama kinasihan ||
26.052 awasta Ki Agêng Pathi | punika wus apêputra | Ki Panjawi kêkasihe | warnanya bagus anawang | saya alama-lama | Ki Panjawi kang winuwus | kaambil putra dènira ||
26.053 dhatêng Ki Agêng ing Ênis | wus kadi gèning ayoga | sampun manjing sadulure | kalawan Ki Pamanahan | lir kadi tunggil yayah | wus kadya saduluripun | saèsthi saeka praya ||
26.054 marminipun Ki Panjawi | kalawan Ki Pamanahan | ingaranan sadulure | tunggal saibu sarama | ingkang dèrèng uninga | anadene Kyai Juru | ipene Ki Pamanahan ||
142–143 dari 277

 


nênggih. (kembali)