Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26–27 dari 46
144–145 dari 277
1.439–1.448 dari 2.770
26.064 ingkang pawèstri kêkalih | jangkêp pêpitu pinetang | tan wikan sêpuh anème | duk sêmana sinêngkalan | kang seda ing Lawiyan | rupa naga warna ratu |[1] ing Pajang lwir guladrawa ||
27. Dhandhanggula
27.001 Kang jalu gangsal èstri kêkalih | atmajanira Ki Pamanahan | kang sami jalu putrane | anênggih Radèn Bagus | lawan malih Rahadèn Santri | ingkang satunggalira | wasta Radèn Jambu | lan malih ingkang anama | Radèn Tompe lan Radèn Kadhawung nênggih | jangkêpipun lêlima ||
27.002 dening putra pêpitu anênggih | pambajêng Radèn Jambu punika | Radèn Bagus panggulune | nênggih pandhadhanipun | kang anama Rahadèn Santri | Radèn Tompe panêngah | kang warujunipun | Radèn Kadhawung namanya | sampun jangkêp gangsal pawèstri kêkalih | ingkang sami taruna [259] ||
27.003 janggêp[2] gangsal èstri kang kêkalih | pitu putrane Ki Pamanahan | kalawan malih kandhane | kang nama Radèn Bagus | pan pinupu putra anênggih | dhatêng Dipati Pajang | kala timuripun | linêbokkên panakawan | sêmut gatêl karakêt asaba puri | ingandêl alit mila ||
27.004 kadi putra gènira ayogi | apan dipati dèrèng pêputra | karya lanjaran wiyose | ngangkên putra pambayun | warnanira lêwih apêkik | Radèn Bagus kang nama | mapan mêksih timur | awor lawan panakawan | sêmut gatêl sigêgên datan winarni | ucapên ing carita ||
27.005 wontên gênti kang winuwus malih | Susunan Kudus ingkang winarna | kang ginuron ing wong akèh | bupati para ratu | puruhita datan gumingsir | Susunan ing Prawata | angguru ing Kudus | lan malih Ki Arya Jipang | anèng Kudus guru Sunan Kudus nênggih | sumungkêm patakonan ||
27.006 nanging Susunan Prawata nênggih | amalih kapti ing patakonan | kêkalih ing pagurone | dhingin Susunan Kudus | kaping kalih Susunan Kali | ya ta aris ngandika | Susunan ing Kudus | dhumatêng Ki Arya Jipang | lah ta kaki apa ukumipun ugi | wong ngalapdho upama ||
27.007 Ki Arya Jipang matur ngabêkti | inggih ukumipun pinêjahan [260] | tiyang ngalapdho kawruhe | wangsul amba ayun wruh | sapa sintên tuwan raosi | ri saksana ngandika | Susunan ing Kudus | kakangira ing Prawata | apa rane iku ora malih kapti | matur Ki Arya Jipang ||
27.008 inggih punapa ingantos malih | apan ukumipun pinêjahan | Susunan Kudus dêlinge | sapa ingkang sumanggup | Arya Jipang matur ngabêkti | yèn wontên pangandika | kawula kang sanggup | angukumakên ing pêjah | ing pun kakang Susunan Kudus ngajani | lah payo lêkasana ||
27.009 Arya Jipang wuwuse adhêmit | duk angawe lurah kajinêman | ingandikan ning ngarsane | pun Rangkud wastanipun | lah mêyanga[3] Prawata aglis | cidranên patènana | pun Rangkud wotsantun | lah inggih gusti sandika | nuli mangkat datan kawarna ing margi | wus prapta ing Prawata ||
144–145 dari 277

 


Tanggal: rupa naga warna ratu (1481). (kembali)
jangkêp. (kembali)
mênyanga. (kembali)