Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
27 dari 46
145–146 dari 277
1.450–1.459 dari 2.770
27.011 anging aja angèmbèt-èmbèti | Rangkud kang ingsun jaluk ing sira | amung awak ingsun dhewe | pun Rangkud narik [261: nari...k] dhuwung | nulya goco têrus ing gigir | anêrus ingkang garwa | sajrone tan emut | Si Rangkud cidra wasana | milanipun dhuwung Ki Bêthok tinarik | kajinêman sinawat ||
27.012 sangking ampuhing dhuwung ngênani | pun Rangkud kêna ing kêmbang kacang | ukur kabêsèr tatune | niba Ki Rangkud lampus | ya ta wau sarêng ngêmasi | Susunan ing Prawata | lawan garwanipun | tangis lir pendah ampuhan | sinangkalan guna yaksa warna nabi |[1] Prawata kèh karuna ||
27.013 mila Arya Jipang andhatêngi | amêjahi Sunan Prawata |[2] apan mangkana kandhane | Arya Jipang karuhun | ingkang rama dipun pêjahi | mring Sunan ing Prawata | dening kang ingutus | awasta Ki Surayata | amêjahi kang rama Ki Arya nguni | pinanggih ing dêdalan ||
27.014 kala kang rama Ki Arya dhingin | têdhak sangking asalat Jumungah | ginarêbêg sawadyane | liwat karêtêg agung | Surayata mangkya ngadhêpi | sampun narik curiga | aglis nuli nuduk | datan amindhoni seda | pêjah nglèpèn Ki Surayata anuli | cinêkêl sinudukan ||
27.015 sapunika kandhane rumiyin | pêjahipun Ki Arya kang rama | ing mangke winuwus malèh | sedaning kang Sinuhun | ing Prawata gumêr kang tangis | miwah kang para putra [262: pu...tra] | sêsambate asru | akathah yèn kawarnaa | ingkang layon apan sampun dèn sirami | sunan wus ingastana ||
27.016 kang tan lila sadhèrèke èstri | arinira Susunan Prawata | mas Rêtna Kalinyamate | nêdha ukum mring Kudus | lampahira apan sarimbit | wus prapta ing ngayunan- | nira Sunan Kudus | matur Ni Mas Kalinyamat | milanipun kawula dhatêng ing ngriki | anêdha ukum tuwan ||
27.017 inggih pun kakang dipun pêjahi | dene utusane Arya Jipang | inggih punapa ukume | angling Susunan Kudus | sayêktine wong utang pati | winalês pinêjahan | iku ukumipun | Ni Mas Ratu Kalinyamat | nulya mantuk wruh ujar yèn tan sayêkti | ujar sangking Susunan ||
27.018 Ki Arya Jipang ngadhang ing margi | lakinipun Ni Mas Kalinyamat | kang dipun arah patine | pinêgat ing dalanggung | kinarubut sampun ngêmasi | anangis lara-lara | sira Ni Mas Ratu | dhingin tinilar ing kadang | kaping kalih mangke tinilar ring laki | apan kinaniaya ||
27.019 datan mantuk ing Dêmak nagari | banjur atapa wukir satata | ing Danaraja gununge | ênggènira amangun | kasubratan amati [263] ragi | dadya tapa amuda | rema karya pinjung | sangêt ambantêr sarira | sawarnine têtilare kang sawargi | pan satata ginawa ||
27.020 ni mas rêtna mangke pasanggiri | ing benjang iya ingsun asinjang | lamun wus ana belane | patine lakiningsun | atanapi sadulur mami | padha kinaniaya | sahid patini |[3] pan ingsun tan arsa sinjang | lamun durung ana sanggup amatèni | maring Si Arya Jipang ||
145–146 dari 277

 


Tanggal: guna yaksa warna nabi (1453). (kembali)
Kurang satu suku kata: amêjahi Susunan Prawata. (kembali)
Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu u: sahid patinipun. (kembali)