Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
27 dari 46
146–147 dari 277
1.459–1.468 dari 2.770
27.020 ni mas rêtna mangke pasanggiri | ing benjang iya ingsun asinjang | lamun wus ana belane | patine lakiningsun | atanapi sadulur mami | padha kinaniaya | sahid patini |[1] pan ingsun tan arsa sinjang | lamun durung ana sanggup amatèni | maring Si Arya Jipang ||
27.021 yèn ta ana asanggup matèni | Arya Jipang pan wis ujar ingwang | ingsun ngèngèri ing têmbe | nuli ingsun apinjung | lamun Arya Jipang ngêmasi | pan salamènaneya | ingsun nora pinjung | lamon durung olih bela | ya ta muni gêntêr patrê anauri | gumêr ing awang-awang ||
27.022 sêmana apan sampun alami | dènnya tapa wukir Danaraja | kalangkung dening merange | wau ta Ni Mas Ratu | Kalinyamat datan winarni | nênggih ingkang kocapa | Susunan ing Kudus | dawêgira sinewaka | dening sakathahipun para bupati | Arya Jipang nèng ngarsa ||
27.023 rêrêmbagan pan agunêm sami | kang wus lalis Pangeran Prawata | lan Pangran Kalinyamate | ngandika Sunan Kudus | lah Ki Jêbèng sira sun tari | ing sapatine ika | kakangira iku | ing Prawata Kalinyamat | pan wus lawas ing mêngko pangrasa mami [264] | durung enak tiningwang ||
27.024 yèn sira durung madêg nêrpati | andhèwèki ingsun durung lêga | ing tyas iya sayêktine | nanging pangrasaningsun | lamon sira madêga aji | maksih ana kang malang | wani mring sirèku | iya Dipati ing Pajang | ingkang yogya akarsa madêg nêrpati | padha kalawan sira ||
27.025 watêking padha karêpe ugi | nora wande atêmah apêrang | ing Pajang lan Jipang têmbe | lan malih duganingsun | yèn ing Pajang maksiha urip | măngsa sira tulusa | dera madêg ratu | Ki Arya Jipang tur sêmbah | yèn mangkatên ing mangke ta kados pundi | ing karsa Jêng Susunan ||
27.026 yèn sawawi lan sang siniwi |[2] nênggih nagari Pajang punika | ing mangke kula gêpuke | sampun dados pakewuh | datan wande punika benjing | amakèwêdi lampah | Susunan ing Kudus | asru dènira ngandika | lah Ki Jêbèng sayêktine karsa mami | aja kongsi mangkana ||
27.027 yèn pêranga dadi ngrusa[3] nagri | wong cili yêkti akathah pêjah | lah apa ta wêkasane | yèn dene karsaningsun | payo pinrih dipun adhêmit | sira priha lan cidra | dèn ajana wêruh | lah sira amêmataha | kang prayoga kajinêman kang mêkasi | nyidra Dipati [265] Pajang ||
27.028 ya ta Dipati Jipang sira glis | akarsa sira anglampahana | saandikane gurune | sigra nimbali sampun | kajinêman kang tau titi | kathahipun sakawan | pra wignya ing kewuh | tate nyidra para nata | kapat pisan wus sami tampi wêwêling | ingatag dhatêng Pajang ||
27.029 gya lumampah tan kawarnèng margi | sampun prapta nagari ing Pajang | ing têngah wêngi praptane | arsa manjing kadhatun | kandhêg pigir[4] bata ainggil | ajinya duk winatak | pagêr bata niyup | ingusap bata wus mêndhak | tan antara kajinêman kapat sami | wus manjing jroning pura ||
146–147 dari 277

 


Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu u: sahid patinipun. (kembali)
Kurang satu suku kata: yèn sawawi lawan sang siniwi. (kembali)
ngrusak. (kembali)
pinggir (dan di tempat lain). (kembali)