Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
27 dari 46
145–146 dari 277
1.443–1.452 dari 2.770
27.004 kadi putra gènira ayogi | apan dipati dèrèng pêputra | karya lanjaran wiyose | ngangkên putra pambayun | warnanira lêwih apêkik | Radèn Bagus kang nama | mapan mêksih timur | awor lawan panakawan | sêmut gatêl sigêgên datan winarni | ucapên ing carita ||
27.005 wontên gênti kang winuwus malih | Susunan Kudus ingkang winarna | kang ginuron ing wong akèh | bupati para ratu | puruhita datan gumingsir | Susunan ing Prawata | angguru ing Kudus | lan malih Ki Arya Jipang | anèng Kudus guru Sunan Kudus nênggih | sumungkêm patakonan ||
27.006 nanging Susunan Prawata nênggih | amalih kapti ing patakonan | kêkalih ing pagurone | dhingin Susunan Kudus | kaping kalih Susunan Kali | ya ta aris ngandika | Susunan ing Kudus | dhumatêng Ki Arya Jipang | lah ta kaki apa ukumipun ugi | wong ngalapdho upama ||
27.007 Ki Arya Jipang matur ngabêkti | inggih ukumipun pinêjahan [260] | tiyang ngalapdho kawruhe | wangsul amba ayun wruh | sapa sintên tuwan raosi | ri saksana ngandika | Susunan ing Kudus | kakangira ing Prawata | apa rane iku ora malih kapti | matur Ki Arya Jipang ||
27.008 inggih punapa ingantos malih | apan ukumipun pinêjahan | Susunan Kudus dêlinge | sapa ingkang sumanggup | Arya Jipang matur ngabêkti | yèn wontên pangandika | kawula kang sanggup | angukumakên ing pêjah | ing pun kakang Susunan Kudus ngajani | lah payo lêkasana ||
27.009 Arya Jipang wuwuse adhêmit | duk angawe lurah kajinêman | ingandikan ning ngarsane | pun Rangkud wastanipun | lah mêyanga[1] Prawata aglis | cidranên patènana | pun Rangkud wotsantun | lah inggih gusti sandika | nuli mangkat datan kawarna ing margi | wus prapta ing Prawata ||
27.010 Sunan Prawata gêrah alinggih | alendhehan maring grahanira | nuli pun Rangkud dhatênge | tinakèn tan asantun | paran karsanira mariki | pun Ragkud atur sêmbah | kawula ingutus | anyidra dhatêng paduka | angandika Susunan Prawata nênggih | lah sira lêkasana ||
27.011 anging aja angèmbèt-èmbèti | Rangkud kang ingsun jaluk ing sira | amung awak ingsun dhewe | pun Rangkud narik [261: nari...k] dhuwung | nulya goco têrus ing gigir | anêrus ingkang garwa | sajrone tan emut | Si Rangkud cidra wasana | milanipun dhuwung Ki Bêthok tinarik | kajinêman sinawat ||
27.012 sangking ampuhing dhuwung ngênani | pun Rangkud kêna ing kêmbang kacang | ukur kabêsèr tatune | niba Ki Rangkud lampus | ya ta wau sarêng ngêmasi | Susunan ing Prawata | lawan garwanipun | tangis lir pendah ampuhan | sinangkalan guna yaksa warna nabi |[2] Prawata kèh karuna ||
27.013 mila Arya Jipang andhatêngi | amêjahi Sunan Prawata |[3] apan mangkana kandhane | Arya Jipang karuhun | ingkang rama dipun pêjahi | mring Sunan ing Prawata | dening kang ingutus | awasta Ki Surayata | amêjahi kang rama Ki Arya nguni | pinanggih ing dêdalan ||
145–146 dari 277

 


mênyanga. (kembali)
Tanggal: guna yaksa warna nabi (1453). (kembali)
Kurang satu suku kata: amêjahi Susunan Prawata. (kembali)