Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 46
198–199 dari 277
1.976–1.985 dari 2.770
34.100 gurnitanya pan kagiri-giri | toya munggah inggiling prawata | gumuruh amor megane | kagyat Nyai Ra Kidul | pan alinggih ing kathil manik | sigra manggung mangrêngga | dènira alungguh | tumingal naga malaywa | Nyai Kidul kagyat grajita ing galih | èmêng sajroning nala ||
34.101 tatkalanya bêlah ing jaladri | mapan kalah pan anagagendra | palayunira pan age | kèn balèg jroning banyu | pan lumembak anèng jaladri | nulya sira gumiwang | bubagra gumuruh | rindhike pan mawilêtan | kilat thathit angin wetan kidul prapti | toya cina[1] kiyamat ||
34.102 gurnitanya pan kagiri-giri | toya minggah inggiling prawata | gumuruh amor megane | kagyat Nyai Ra Kidul | masila ring kathile manik | sigra minggung mangrênggang | dènira malungguh | dening naga kang malaywa | mêtu anon atakut sira ningali | tasik minggah prawata ||
34.103 Nyai Kidul sigra dènnya [372] angling | salawase ingsun durung mulat | samodra kaya mêngkene | ingkang baskara runtuh | dening toya sêgara iki | lir agni naraka |[2] mina padha lampus | baya ta arêp kiyamat | jagat iki Nyai Kidul mudhun aglis | jumênêng palataran ||
34.104 Nyai Kidul mulat jagat êning | kang kasăngga dènira prawata | tan ana jalma wêwanèh | anging jalma kang luhung | ana ngadêg têpining tasik | Senapati Ngalaga | nanging kang kadulu | Nyai Kidul sigra mojar | baya iki kang gawe laraning tasik | antya dènira rusak ||
34.105 Nyai Kidul mudhun nulya prapti | pinggir tasik sigra amangrêpa | abukuh ing palungguhe | sigra mangsah macundhuk | lawan Senapati Matawis | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | Nyai Kidul sigra prapta | Nyai Kidul mabukuh konjêm ing siti | grananira myang muka ||
34.106 Nyai Kidul lingira awingit | hèh sang nata ilangêna dèn ta | aruara ing manahe | wagning sagara kidul | sakathahe isinya iki | kita adipatinya | sang nata pukulun | pan darbènira sadaya | mapan anut sakarsanira puniki | jim lawan parayangan ||
34.107 tanpa gawe sira jalma lêwih | têka ngrusak gêgaweyanira | sakarsa andika angrèh | yèn [373: yè...n] sira darbe kayun | parayangan kêlawan êjim | adunên yèn apêrang | ngalahêna mungsuh | para ratu tanah Jawa | yèn sira yun sineba ing para êjim | tanah Jawi sadaya ||
34.108 parayangan balanira êjim | ngalahêna mungsuhira aprang | sira dadi ratu gêdhe | bapa babuning ratu | anging sira ing tanah Jawi | Senapati Ngalaga | trêping manahipun | miyarsakkên aturira | Nyai Kidul anêrka yèn Mangkubumi | prabu tanpa sisingan ||
34.109 sarupane mina ing jaladri | kang mati sampun urip sadaya | samya lêbda jiwa kabèh | Nyai Kidul gya mantuk | Senapati nulya tut wuri | tumamèng ing samodra | tan têlês ing banyu | sampun rawuh ing kadhatyan | sarêng linggih Ni Kidul lan Senapati | rarasati tinêmbang ||
198–199 dari 277

 


cihna. (kembali)
Kurang satu suku kata: lir agnining naraka. (kembali)