Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 46
189–190 dari 277
1.889–1.898 dari 2.770
34.013 duta kalih sinauran angling | Senapati maksih nitih kuda | matura mring sultan age | aseba ulun besuk | lamun sultan amêmarèni | angalap sutanira | lawan rabinipun | mangan nginum sun ingatag | mêmarèni apan kêna ingsun maksih | doyan nginum amangan ||
34.014 ulun kinèn akurisa iki | dening sultan kaya apa rema | tuwuh lan karêpe dhewe | pagene ya cinukur | salah sêdya ulun puniki | têka para matura | marang sang pukulun | yèn mangkono ujar ingwang | duta kalih Wilamarta Ki Wuragil | amit mulih mring Pajang ||
34.015 agya lampahe anuli prapti | pan tumamèng marang ngabyantara | cundhuk mang sang prabu age | nêmbah mangusap lêbu | ri suku sang nulya alinggih | tumungkul [352: tumungku...l] maangrêpa | ling duta sang prabu | hèh Sultan Wijaya kita | ya ubanggi ing nguni kinèn rumiyin | lumampah anèng wuntat ||
34.016 datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati ika | ri sêdhêng anèng purane | lawan Kiyai Juru | Amartani sigra dènnya ngling | Senapati Ngalaga | kadya pa puniku | rèh andika pakênira | nora mangkat ing andikaning rama ji | tan wande mêmungsuhan ||
34.017 ulun angaturi kunang sigih |[1] kadi pundi kita mêmungsuhan | sapa kang dinamêl topèng | mantri Mataram takut | yèn adunên lawan rama ji | Sultan Pajang kawasa | dibya sêkti dangu | têlik wetan ingkang dhustha | pan tumama ing ngabyantara nrêpati | kapangguh sirèng nendra ||
34.018 sinudukan dening punang têlik | Sultan Pajang eca dènnya nendra | lwir lalêr mencok krasane | kampuhipun tan têrus | para graha kagyat samyanjrit | sultan pinarabutan | kagyat sira wungu | ningali kang para graha | padha nangis gumarumung anèng sikil | anarka yèn kabranan ||
34.019 kadar pira dêdamêl Matawis | amung dhomas wongirèng Mataram | apan ta dudu timbange | yèn mungsuha sang prabu | yêkti kalah wadya Matawis | Senapati Ngalaga | dudu timbangipun | timbangên lan para putra | balanipun lan balanira Matawis [353: Mata...wis] | jawèkna wadya Pajang ||
34.020 rajaputra dunungira ing sih | ajêjuluk Pangeran Banawa | apan salêksa balane | lir na kang para mantu | Adipati ing Dêmak nênggih | sangang èwu kang bala | ana lèn kang mantu | anênggih Dipati Tuban | abêbala wong wolung èwu anênggih | mantu putu ana lyan ||
34.021 Adipati ing Bantên kêkasih | wadyanira kawan èwu ngetang | wong Mataram dhomas kèhe | wêsi karyanên balung | lan têmbaga karyanên kulit | nadyan otota kawat | gêgala kang sungsum | tan wande rêmak kang dhomas | ginarumung dening wadya Pajang nênggih | pan kalah ingkang dhomas ||
34.022 lwir antiga sela ingkang ngapit | wong Mataram upama antiga | wadya Pajang lwir selane | yêkti rêmak antêlu | pan karyanên ing saupami | duryyan wadya ing Pajang | wong Mataram timun | sayêkti măngsa mênanga | ingkang timun yyan duryyan kang anindhihi | yakti duryan kang mênang ||
189–190 dari 277

 


singgih. (kembali)