Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 46
190–191 dari 277
1.895–1.904 dari 2.770
34.019 kadar pira dêdamêl Matawis | amung dhomas wongirèng Mataram | apan ta dudu timbange | yèn mungsuha sang prabu | yêkti kalah wadya Matawis | Senapati Ngalaga | dudu timbangipun | timbangên lan para putra | balanipun lan balanira Matawis [353: Mata...wis] | jawèkna wadya Pajang ||
34.020 rajaputra dunungira ing sih | ajêjuluk Pangeran Banawa | apan salêksa balane | lir na kang para mantu | Adipati ing Dêmak nênggih | sangang èwu kang bala | ana lèn kang mantu | anênggih Dipati Tuban | abêbala wong wolung èwu anênggih | mantu putu ana lyan ||
34.021 Adipati ing Bantên kêkasih | wadyanira kawan èwu ngetang | wong Mataram dhomas kèhe | wêsi karyanên balung | lan têmbaga karyanên kulit | nadyan otota kawat | gêgala kang sungsum | tan wande rêmak kang dhomas | ginarumung dening wadya Pajang nênggih | pan kalah ingkang dhomas ||
34.022 lwir antiga sela ingkang ngapit | wong Mataram upama antiga | wadya Pajang lwir selane | yêkti rêmak antêlu | pan karyanên ing saupami | duryyan wadya ing Pajang | wong Mataram timun | sayêkti măngsa mênanga | ingkang timun yyan duryyan kang anindhihi | yakti duryan kang mênang ||
34.023 anglir sasi wadya ing Matawis | lwir ning surya wadyabala Pajang | yyan ing raina wijile | sasi kucêm dinulu | merang mari ujwalèng sasi | dening ujwalèng surya | apadhang dinulu | lir agni wadya Mataram | wadya Pajang lwir udan saking ing langit | agni sayêkti pêjah ||
34.024 kadipundi hèh Ki Senapati | yogyanira mungsuh Sultan Pajang | lwir uga kita ing dhewe | ngandêlakên [354: ngandêlakê...n] yèn têguh | rosanira dibya myang sêkti | têpung puputa kita | myang akantar bau | lan ramanira jêng sultan | ulun iki akucêm merang ningali | muka mantri ing Pajang ||
34.025 mandahane ucapipun ugi | nagara lyan tuwin ratu sabrang | kang asêngit mèsêm kabèh | dening mungsuh sakuthu | yakti narka liyan nagari | Senapati Ngalaga | ènthèng yèn minungsuh | katuju wania aprang | mungsuh yayah rasa tan ana madhani | dening suta myang bala ||
34.026 pangrasane atiningsun iki | lamun kita amungsuha liya | sapuluh Pajang gêdhene | apan wani ing ulun | nadyan jagat sabrang myang Jawi | apan barênga mara | tan gumingsir ulun | suka pêjah anèng rana | wus pantêse kinêmbulan ing ajurit | ingudanan warastra ||
34.027 pakanira hèh Ki Senapati | aprang mungsuha ing Sultan Pajang | tri prakara kainane | dhihin amungsuh guru | kaping kalih amungsuh gusti | kaping tri wong atuwa | ingkang kita mungsuh | iya dudu kang ayoga | anging sasat bapa dene kala cili | kinêmpit pinèt anak ||
34.028 lwir ning kaya guru rama aji | apan kita winuruk ngagama | duk sarêng akil balège | tatasing raosipun | nulya kita winuruk malih | karosan kadigdayan | para dibya luhung | kita lumêbèng [355: lu...mêbèng] sagara | datan têlês lir ngambah dharatan siti | kita bong tên[1] gêsênga ||
190–191 dari 277

 


tan. (kembali)