Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 46
191 dari 277
1.901–1.910 dari 2.770
34.025 mandahane ucapipun ugi | nagara lyan tuwin ratu sabrang | kang asêngit mèsêm kabèh | dening mungsuh sakuthu | yakti narka liyan nagari | Senapati Ngalaga | ènthèng yèn minungsuh | katuju wania aprang | mungsuh yayah rasa tan ana madhani | dening suta myang bala ||
34.026 pangrasane atiningsun iki | lamun kita amungsuha liya | sapuluh Pajang gêdhene | apan wani ing ulun | nadyan jagat sabrang myang Jawi | apan barênga mara | tan gumingsir ulun | suka pêjah anèng rana | wus pantêse kinêmbulan ing ajurit | ingudanan warastra ||
34.027 pakanira hèh Ki Senapati | aprang mungsuha ing Sultan Pajang | tri prakara kainane | dhihin amungsuh guru | kaping kalih amungsuh gusti | kaping tri wong atuwa | ingkang kita mungsuh | iya dudu kang ayoga | anging sasat bapa dene kala cili | kinêmpit pinèt anak ||
34.028 lwir ning kaya guru rama aji | apan kita winuruk ngagama | duk sarêng akil balège | tatasing raosipun | nulya kita winuruk malih | karosan kadigdayan | para dibya luhung | kita lumêbèng [355: lu...mêbèng] sagara | datan têlês lir ngambah dharatan siti | kita bong tên[1] gêsênga ||
34.029 lan masalah ngèlmi dadi mantri | myang dipatya miwah dadi raja | têlas winurukkên kabèh | wutah sajroning kalbu | maring kita ramanira ji | purwane kita dibya | sêkti ambêk sadu | lah apa wêwalêsira | maring sultan pan sira sampun asinggih | mangku rat bala dhomas ||
34.030 Senapati ing Ngalaga nangis | jroning nala miyarsa kang paman | ing sawirayate kabèh | apan Kiyai Juru | Amartani wutah dènnya ngling | Senapati Ngalaga | mangrêpa tumungkul | karasa yèn kalêrêsan | dyan sumilih Senapati ing Matawis | agya sira dyan mojar ||
34.031 Kyai Paman Juru Amartani | kadipundi ing rèh pakanira | kang pundi manira angge | rèh manira tan purun | asebaa Pajang nagari | walujênga[2] ing lampah | ayya antuk rêngu | gèn manirarsa têtêpa | nèng Mataram tumuruna suta mami | myang putu buyut canggah ||
34.032 Kyai Juru Amartani angling | hèh Ki Senapati ing Ngalaga | lampah kang yogya ingangge | wruha kita ing guru | dèn kawayang ing lair batin | apan jêng Sultan Pajang | kang tansèng sun wuruk | iku sayêktining wayah | lah pintanên yèn Sultan tumêkèng lalis | kita gumantya sultan [356] ||
34.033 yèn wus mangkana kita dèn yêkti | panêdhanira marang Hyang Suksma | aywa kita salah dalèh | apan iku saèstu | asung mulya ing awal akir | sumiliha ing Pajang | pan jênêngirèku | pintanên marang Hyang Suksma | apan kita ingangkah suta sayêkti | ing ramanira sultan ||
34.034 kaping kalih mintaa ing aji | ramanira walêsên kewala | ati-atintên[3] tatane | ana minta ing kawruh | silanira mapan kaèksi | dening sri naranata | lah êndi pukulun | nanging punapa nalika | laku linggih solah mona lawan muni | minăngka panêngêran ||
191 dari 277

 


tan. (kembali)
wilujênga. (kembali)
ati-atinên. (kembali)