Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 46
188–189 dari 277
1.878–1.887 dari 2.770
34.002 Sultan Pajang unggwaning sitinggil | pan pinarêk anèng sokasana | kancana [349: kanca...na] ana manike | saha lêlamak babut | pan maliyo isinya sari | cahyanira lwir surya | lwir wulan awêlu | sêdhênge lagi purnama | wadya anon akucêm mamrêm ing ati | dening sultan lwir surya ||
34.003 Sultan Pajang sigra dènnya angling | maring bala kang munggwing ing ngarsa | sira miyarsa wartane | Senapati puniku | sutaningsun anèng Matawis | dening lami tan seba | mapan wus sataun | samayanya uwus liwat | iku nênggih malinglang anèng ing langit | wulan wêlu purnama ||
34.004 ing samanya samayanya prapti | sang hyang surya mèh sumurup ika | tunjung kudhup mêkar kabèh | dening wus jangjinipun | apan nora kêna gumingsir | apa karane ika | suta ngong tan rawuh | Senapati ing Ngalaga | sajangjine kalayan ingsun ing nguni | dadya madayèng ujar ||
34.005 Sultan Pajang ratu dibya sêkti | manahira lwir asa anglayang | muluk salab kahanane | janma akam puniku | kapwa kagyat sajroning ati | dening miyarsa ujar- | nira[1] sang pukulun | wadya matur sadayanya | hèh sang nata kawula midhangêt warti | Risang Sutawijaya ||
34.006 kunêng ingkang tan seba ing enjing | arsa balik malah arsa nyithak | akarya kitha arahe | binacingah puniku | Sultan Pajang sigra dènnya ngling | Ngabèi Wilamarta | Ki Wuragil iku | sira maringa Mataram | dèn waspada [350] ing sapratingkahe anging | ing Sang Sutawijaya ||
34.007 dutanira kalih angastuti | angusapi lêbu ring suku sang | duta mêcat[2] sigra age | anitih kuda sampun | ing Mataram Ki Senapati | sonya anèng Lipura | duta kalih nusul | ing Lipura sigra dhatang | Senapati kapanggih sira alinggih | ing kuda acêcalang ||
34.008 Kyai Gêdhe Wuragil mangkya ngling | hèh Ngabèi Wilamarta nêdha | mudhun saking jaran age | nimbalakên ing wuwus | Sultan Pajang mring Senapati | Ngabèi Wilamarta | sigra dènnya muwus | Ki Gêdhe Wuragil ika | jêngandika karsa mudhun sangking wajik | Senapati Ngalaga ||
34.009 maksih amanggung anitih wajik | jêngandika dutanira sultan | nistha ing mantri tandange | dening mudhun karuhun | sangking kuda kang dèn timbali | maksih anunggang jaran | jêngandika iku | tan prabeda lawan sultan | kang akèngkèn sarupa lan duta singgih | dèn sampun rasa tunggal ||
34.010 Kyai Gêdhe Wuragil mangkya ngling | hèh Ngabèi Wilamarta mojar | nêdha mudhun jaran age | nimbalakên pamuwus | Sultan Pajang mring Senapati | yèn wruha kang timbalan | rama ji pan mudhun | Senapati ing Mataram | duta kalih kapwa mudhun saking wajik | Senapati Ngalaga ||
34.011 maksih amanggung anitih wajik [351: waji...k] | Angabèi Wilamarta mojar | lah Ki Gêdha Wuragile | tan linyok ujar ingsun | Senapati Ngalaga iki | pan sampun wruh punika | yè duta sang prabu | tan anarka yèn mudhuna | sangking jaran pakanira lawan mami | tanduk mantri kang nistha ||
188–189 dari 277

 


ira. (kembali)
mêsat. (kembali)