Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 46
191–192 dari 277
1.906–1.915 dari 2.770
34.030 Senapati ing Ngalaga nangis | jroning nala miyarsa kang paman | ing sawirayate kabèh | apan Kiyai Juru | Amartani wutah dènnya ngling | Senapati Ngalaga | mangrêpa tumungkul | karasa yèn kalêrêsan | dyan sumilih Senapati ing Matawis | agya sira dyan mojar ||
34.031 Kyai Paman Juru Amartani | kadipundi ing rèh pakanira | kang pundi manira angge | rèh manira tan purun | asebaa Pajang nagari | walujênga[1] ing lampah | ayya antuk rêngu | gèn manirarsa têtêpa | nèng Mataram tumuruna suta mami | myang putu buyut canggah ||
34.032 Kyai Juru Amartani angling | hèh Ki Senapati ing Ngalaga | lampah kang yogya ingangge | wruha kita ing guru | dèn kawayang ing lair batin | apan jêng Sultan Pajang | kang tansèng sun wuruk | iku sayêktining wayah | lah pintanên yèn Sultan tumêkèng lalis | kita gumantya sultan [356] ||
34.033 yèn wus mangkana kita dèn yêkti | panêdhanira marang Hyang Suksma | aywa kita salah dalèh | apan iku saèstu | asung mulya ing awal akir | sumiliha ing Pajang | pan jênêngirèku | pintanên marang Hyang Suksma | apan kita ingangkah suta sayêkti | ing ramanira sultan ||
34.034 kaping kalih mintaa ing aji | ramanira walêsên kewala | ati-atintên[2] tatane | ana minta ing kawruh | silanira mapan kaèksi | dening sri naranata | lah êndi pukulun | nanging punapa nalika | laku linggih solah mona lawan muni | minăngka panêngêran ||
34.035 lamun kita asebaa isin | maring Pajang nadyan tan sebaa | yèn prapta sultan dutane | ayya tuna ing têmbung | amangsuli wacana manis | pasungsung ayya pêgat | ing saisinipun | prajanira ing Mataram | ayya kita rumaos kantunan[3] budi | nirêp dukane Sultan ||
34.036 apan nyata hèh Ki Senapati | kita ingangkah atmaja tuwa | sultan gêdhe piyandêle | iku kita dèn taguh |[4] lamun sultan tumêkèng lalis | ing panjênênganira | de mangku kaprabun | yakti anak kang atuwa | anggêntosi ing panjênêngan rama ji | tan lyana saking kita ||
34.037 nadyan kathah putrane sang aji | nora na lyan kita kang atuwa | kinêmpit [357: ki...nêmpit] alit milane | kang dadi manahipun | nanging kita putra sang aji | kang dadi pangauban | sakèhe kang sunu | sultan cahya nuring rat |[5] wus angalih maring kita wus pinasthi | anggêntosi ing sultan ||
34.038 hèh Ki Senapati yèn wus olih | kita ujar ingkang tri prakara | kang dhingin wong atuwane | pindho sabdaning guru | kaping tiga dikaning gusti | mapan dadi satunggal | yêkti nora wurung | gènira jumênêng nata | nganti sangat pêlêkên marang Hyang Widdhi | kita asru brăngtaa ||
34.039 ri sampunira winêling-wêling | Senapati dhatêng ingkang paman | Juru Martani wastane | pan sampun amit mantuk | Senapati kantun alinggih | tansah kaciptèng nala | ing pituturipun | kang tinanjihakên nala | nora gingsir karsanira Senapati | nuntên kalampahana ||
191–192 dari 277

 


wilujênga. (kembali)
ati-atinên. (kembali)
katunan. (kembali)
tangguh. (kembali)
Kurang satu suku kata: sultan cahyane nuring rat. (kembali)