Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 46
194–195 dari 277
1.934–1.943 dari 2.770
34.058 Mantri Mataram lir banthèng kanin | kadya macan basah-binasahan | landhehan ingugêr age | waosipun tinêmpuh | duk dinêdêl tan kêna lungid | sasat wayang-wayangan | pan ilafat tuhu | cinane ayun baka |[1] tumbak [362: tu...mbak] kêris têmên-têmên tan nêdhasi | maring jatining janma ||
34.059 samya matur sakathahing mantri | pan kawula adunên apêrang | pasihan dalêm wus akèh | mapan kawula purun | amêngsaha sri narapati | yèn tuwan ngajanana | pan kawula purun | nadyan tangkêpa salêksa | gêgamane wong Pajang omba tan gingsir | pan katuwukên dana ||
34.060 apan wutahe ludira mami | lan tigase ing murda kawula | kasaurakên ing sihe | muga dadia ratu | tan kawawa omba nuwun sih | kawula tur prasêtya | anjalma ping pitu | kawula tuwan abdèkna | ing satêrah-têrah kawula ing benjing | ngabdia têdhak tuwan ||
34.061 sêdya kawula ing wisma dhingin | ajêng sowan dhatêng Sultan Pajang | ngasrahkên bulupêktine | tuwan mêgati ngênu | kinon mandhêg kang para mantri | ingajak akasukan | ing mangke pukulun | mangke kawula tan nêdya | yèn lajênga mring Pajang tur bulupêkti | pan sampeyan narendra ||
34.062 sakathahe bulupêkti mami | kaatura sampeyan sadaya | datan wontên sandeyane | Mataram ratu agung | pan nagara ing têpis iring | samya ngidhêp sadaya | dhatêng sang aprabu | adipati kang tumitah | saliring wong desa pamajêgan adi | tuwan ingkang nataa ||
34.063 yèn sampeyan lumampah ajurit | yèn kawula damêlên pêpêjah | pan kawula walêsake [363: walêsa...ke] | datan sagêda mangsul | sih paduka yèn manggih kardi | pêjaha wontên ngarsa- | nira sang aulun | kawula datan kumêdhap | datan liyan ingkang kawula tingali | Panêmbahan Ngalaga ||
34.064 angandika alon Senapati | ing sakèhe mantri pamajêgan | sun tarima prasêtyane | pan dudu kaya iku | karsaningsun maring rama ji | besuk sira sebaa | sarênga lan ingsun | yèn ana dukane sultan | pan manira mapan ingkang anyaguhi | andêlêna ing prana ||
34.065 mapan ingsun purun anaguhi | ing dukane kangjêng rama sultan | sun takoni sapakone | karsanira sang prabu | pan sadaya wus anèng mami | pan ingsun anjênêngna | răngga lan tumênggung | ngabèi arya lan dêmang | pêcattăndha kandhuruhan ăndhamoi | ingsun sinung kawasa ||
34.066 sakathahe ingkang para mantri | ingkang arsa jumênênga arya | sun jênêngakên sun gawe | miwah kang dèrèng lungguh | ingkang pantês walulang benjing | sun kang awèh walulang | kang pantês lêlungguh | lêlurah patinggi ika | ingkang arsa alungguh lampit sun lampit | apan ingsun winênang ||
34.067 aluwaran mangkya Senapati | sampun mantuk dhatêng dhatulaya | kang aseba bubar kabèh | Kyai Bocor winuwus | ingkang tansah tinanting-tanting | karsane panêmbahan | ingkang durung rujuk | mapan arsa ngayonana | ing bobote Senapati [364: Se...napati] ing Matawis | tansah ingarah-arah ||
194–195 dari 277

 


Kurang satu suku kata: cihnane ayun numbaka. (kembali)