Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 46
196–197 dari 277
1.954–1.963 dari 2.770
34.078 Kyai Juru widagdyèng ing wadi | wus uninga ciptane kang putra | anulya sinusul age | wayahe lingsir dalu | lampahira lir kilat thathit | sakêdhap nulya prapta | Nglipura jinujug | wus panggih lawan kang putra | Senapati sakeca dènira guling | anèng sela gêgilang ||
34.079 Kyai Juru Amartani angling | kawungua kae Senapatya | ujare arêp agêdhe | têka eca aturu | tan antara lintang kang prapti | warnanya kadi dilah | ing baskara satus | upama gênge kang lintang | sakarambil têka tabone winarni | gumawang nginggil nendra ||
34.080 Kyai Juru sigra dènnya angling | sarya anggugah dhatêng kang putra | awungua dipun age | punapa anèng luhur- | rira turu mancur lwir sasi | Senapati Ngalaga | kagyat nulya wungu | tumingal sarya ngandika | apa sira mancorong ing luhur mami | satuwuk dèrèng [367] mulat ||
34.081 punang lintang sigra dènira angling |[1] wruhanira ingsun iki lintang | awêwarah ing dhèwèke | ênggènira manêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Hyang | amurwèng pandulu | ing mêngko wus tinarima | marènana kang dera pêlêng wus kêni | tinarima dening Hyang ||
34.082 mapan sira jumênêng Matawis | dadi nata amêngku rat Jawa | sineba ing ratu kabèh | dibya sêkti pinunjul | para ratu ing tanah Jawi | miwah ing tanah sabrang | prasamya anungkul | tumêka ing sutanira | myang ing putu jumênêng Sultan Matawis | Jawa tanpa sisihan ||
34.083 saturunira jumênêng aji | ing Mataram suka myang wibawa | sugih rêtna kancanane | langkung kèringanipun | amêkasi dadya nrêpati | nulya nagara rêngka | myang lintang kumukus | grahana surya lan wulan | gugur gunung udan awu myang karikil | cina[2] nagara rêngka ||
34.084 aglis lintang murca mring wiyati | Senapati amicarèng nala | baya ta prapta ing mangke | pasthi sun madêg ratu | suta têka ing putu mami | buyut pan dadi nata | Ratu Jawa nungkul | ingsun pandam tanah Jawa | pan sumilih jênêngira rama aji | Sultan Pajang pan sirna ||
34.085 Kyai Juru Amartani angling | lah Ki Senapati ing Ngalaga | aja ujubriya têmbe | tan wênang ujar luput | amasthèkkên kang duru[3] jati [368: ja...ti] | benjang têka ing têmah | sira manggih mungsuh | yèn anèng têngah payudan | pasthinipun wintang tan kêna tinagih | paran gon amasthèkna ||
34.086 kandipundi[4] goning ngandêl iki | ujar wintang pan dudu manusa | ewuh cinêkêl ilate | ora pasthi tinangguh | pae janma pasthi pinanggih | ujar dodo[5] lan iya | pasthi yèn katêmu | beda padha sami janma | rèhning swara jais arane puniki | wênang dudu lan iya ||
34.087 têka besuk yèn praptèng ing jurit | datan wande ingsun lawan sira | tan wurung ngawaki dhewe | kalah mênanga besuk | pasthi sira kalawan mami | anglakoni ayuda | yèn jaya pukulun | pasthi jumênêng narendra | ing Mataram yèn sira kalah ajurit | pasthi yèn dadi tawan ||
196–197 dari 277

 


Lebih satu suku kata: punang lintang sigra dènira ngling. (kembali)
cihna. (kembali)
durung. (kembali)
kadipundi. (kembali)
dudu. (kembali)