Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 46
197–198 dari 277
1.962–1.971 dari 2.770
34.086 kandipundi[1] goning ngandêl iki | ujar wintang pan dudu manusa | ewuh cinêkêl ilate | ora pasthi tinangguh | pae janma pasthi pinanggih | ujar dodo[2] lan iya | pasthi yèn katêmu | beda padha sami janma | rèhning swara jais arane puniki | wênang dudu lan iya ||
34.087 têka besuk yèn praptèng ing jurit | datan wande ingsun lawan sira | tan wurung ngawaki dhewe | kalah mênanga besuk | pasthi sira kalawan mami | anglakoni ayuda | yèn jaya pukulun | pasthi jumênêng narendra | ing Mataram yèn sira kalah ajurit | pasthi yèn dadi tawan ||
34.088 Senapati garjita ing ati | amiyarsa tuture kang paman | Juru Martani wastane | Senapati amuwus | kadipundi rèh dika mangkin | kula darma lumampah | inggih ulun anut | ing saparipolah dika | wong kêkalih ing karsa dados sawiji | dika kalawan kula ||
34.089 Kyai Juru Amartani angling | yèn mangkono payo parêmbugan | ujare ana dalile | tinêdha ing Hyang Agung | gampangêna sêdya puniki | sakèhe kang tinêdha | kang angèl puniku | muga èsmu gampangêna | alah nêdha pêpatahan rêbut kardi [369: kar...di] | payo anuli mangkat ||
34.090 ingsun munggah ing gunung Marapi | pakanira dhatênga samodra | lah têdhanên dipun age | nyatakêna dèn tuhu | ing pasthine karsaning Widdhi | lah nêdha sarêng mintar | sarênga tumanduk | Senapati kapêthukan | nulya kesah ngetan bênêr sigra prapti | ambyur ing kali Umpak ||
34.091 langi bathang anurut ing kali | ana olor agêng tan upama | pun Tunggul Wulung wastane | yèn jalmaa amuwus | baya mêngko ingsun pangpagih[3] | kalawan gustiningwang | dhuh nyawa pukulun | anitiha gigir ingwang | inggih gusti kajêng paduka kariyin | lumampah karsa tuwan ||
34.092 olor ika purwane kariyin | natkala Senapati cangkrama | anèng sawangan purwane | kali Samas kinêbur | kinarakat jala lan sundhit | anco lawan papêcak | ayab sèsèr susug | saliring ulam pan kêna | ana olor kapanggih dhasaring warih | gênge kagila-gila ||
34.093 pan kasatan mêntas datan kani[4] | wong Mataram samya rêrêbutan | anyêkêl olor agêdhe | ginawa mêntas sampun | ngaturakên mring Senapati | rêna dènira mulat | olor dibya agung | sigra sira binusanan | ajamang mas kêkalung jimat awêning | kêncana kang kinarya ||
34.094 olor dyan inguculakên malih | maring toya olor winastanan | pun Tunggul Wulung arane [370: ara...ne] | matanira mawêlu | lwir ujwala baskara sasi | lamun tinon ing toya | busanane murub | kadya parada kancana | saparane kang tumingal samya ajrih | olor ika narendra ||
34.095 Senapati wau duk angèli | apan kandhêg anèng ing sawangan | lembak-lembak ing pinggire | olor sagara kidul | tri gumuruh kagiri-giri | gurnita kadi gêlap | gêdhene sagunung | tan endah ing warnanira | sande ing tyas ana pati masu kêting | tan ana pasingkaban ||
197–198 dari 277

 


kadipundi. (kembali)
dudu. (kembali)
pêpanggih. (kembali)
kêni. (kembali)