Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
36 dari 46
212–213 dari 277
2.112–2.121 dari 2.770
36.054 Pangran Banawa matur ngabêkti | sampun kawula dhatêng Mataram | amaspadakkên tingkahe | Senapati puniku | datan wontên tilase balik | malah ulun pinapag | Ngrandhulawang suguh | asêgah dhatêng kawula | sinungga-sungga ulun ingkang abukti | têlas wadya Mataram ||
36.055 sakathahe dêdamêl Matawis | gajah jaran lawan èstrinira | amêthuk têka rabine | sumăngga karsèng ulun | miwah wana isine ênting | banthèng kidang manjangan | kinarya sêsuguh | yèn ulun kala anendra | para rabi sumandhing ulun ngêpêti | ya ta tut prathaya |[1]|
36.056 pun tumênggung amăncanêgari [396: amăncanê...gari] | sigra matur dhatêng Sultan Pajang | inggih yaktos pambalike | suta pukulun iku | Senapati Ngalaga nênggih | sagêd akarya gêlar | wong agung asêmu | Adipati Tuban mojar | hèh sang nata yêktos kakang Senapati | ambalik ing sang nata ||
36.057 ing takarne[2] tyas ulun puniki | kakang Senapati ing Ngalaga | yèn papagêna jurite | dêdamêl Pajang sèwu | sinarênga mara ajurit | pasthi datan anăngga | widagda atêguh | Senapati pan satunggal | digdayane lêwih kang wong sanagari | têpis wiring rat Jawa ||
36.058 Sultan Pajang kapita ing ati | amiyarsa aturing punggawa | myang tanaya lan mantune | anarka lamun nêmpuh | ing têmahe prana ing jurit | Sultan Pajang gya mojar | maring ki tumênggung | sira mantriningsun lawas | măngsa sira goroha maring ing kami | sakèhe aturira ||
36.059 Ki Dipati Banawa puniki | mapan wode ing wradayaningwang[3] | iku lanang sajugane | saature ngong gugu | măngsa iki ngrusak ing kami | măngsa iku doraa | pan nagarinipun | dadi ewuh tampaningwang | mapan karo tan ingsun gugu sirèki | pan sun pikir ujarnya ||
36.060 sun tuture kakangirèng nguni | kala bocah dadi ponakawan | ingsun raina asare | Senapati atunggu [397] | anèng dagan ingsun aguling | ana karsane Suksma | ula gêdhe anung | arsa narajang maringwang | Senapati tangginas dènnya nyêkêli | ula pinêdhot pêjah ||
36.061 wis mêngkono ingsun acakrami |[4] marang wana ing rame sêmana | anggêrit sangsam myang banthèng | Senapati pan milu | ngiring-iring ana ing wuri | mantri Pajang kapisah | kalawan ing ulun | anggiring banthèng manjangan | apan ulun katungkul dening anggrêrit | kalawan garwaningwang ||
36.062 wus mangkana ana banthèng kanin | nulya ngamuk tan ana amapag | panggritan tinêmpuh age | Senapati amêthuk | nyêkêl sungu pan siji sisih | rosa ingkang andaka | pokah ingkang sungu | banthèng niba kapisanan | iya iku digdayane Senapati | sêdhênge lagi bocah ||
36.063 mêngko malih sangsaya asêkti | pan wis tuwa waspadèng wêweka | widêgda ing sasmitane | amikanakên sêmu | apan ulun wikan ing wangsit | sakarsanira mothah | apan ulun ugung | sakèhe ing wartanira | tan sun rungu Senapati sutèng mami | lwir gon ngong yoga brăngta ||
212–213 dari 277

 


Kurang satu suku kata: ya ta tut prakathaya. (kembali)
tarkane. (kembali)
wardayaningwang. (kembali)
acangkrami. (kembali)