Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
37 dari 46
218–219 dari 277
2.178–2.187 dari 2.770
37.057 yèn siyang agung aguling | yèn atri gung pulang raras | kacarita ing lamine | Radèn Pabelan wanuhnya | lan Sang Rêtnaning Pura | kacatur pan tigang dalu | kang sawênèh tigang dina ||
37.058 Ratu Mas Sêkaring Puri | asare pangkwaning priya | ri sampuning akarêsmèn | Radèn Pabelan tinanyan | sinambi gêgujêngan | kakang atêtanya ingsun | pundi marga manjing pura ||
37.059 rahadyan aris nauri | punapa ratu andika | atakèn ing lêbêt ingong | marginingwang pinariksa | sok sampun wontên wikan | pan botên pilih dalanggung | watêk ngong yèn darbe karsa ||
37.060 Ratu Mas sigra dènya ngling | mila ulun atêtanya | mênawa cuwa tyas ingong | êgèningsun angawula | kakang dhatêng ing dika | yèn lampahira dinangu | pasthi kawula kang cuwa ||
37.061 panêdha ulun puniki [407] | kakang ing lampah andika | mugi tulusa sêdyane | yèn tulus lampah andika | pasthi tulus kawula | ênggèn angèngèr wong bagus | anèng nagara ing Pajang ||
37.062 Ratu Mas ingêmban aglis | sarya ingaras lathinya | sapa iki kang aduwe | gusti kang bêkti ing priya | sêsotyane ing Pajang | kang murbèng jroning kadhatun | gustinipun pun Pabelan ||
37.063 ingaras awanti-wanti | Ratu Mas ngladosi karsa | watêk dyah nêlas balège | kakung sêmunya ing karsa | lwir ancur munggwèng papan | rakêting dyah lawan kakung | mangkana upamakêna ||
37.064 Radèn Pabelan lingnya ris | maring dyah sêsotyèng pura | anggèr mendahane têmbe | upamakna wong andagang | bathia putra lanang | kang bagus lir yayahipun | mandah katura Jêng Sultan ||
37.065 kusumèng puri sira ngling | myang sira Radèn Pabelan | kadya punapa wêkase | ing lampah lami nèng pura | daya yèn kajambara | tan kawatir manah ingsun | inggih yèn sampun kajambar ||
37.066 Radèn Pabelan lingnya ris | anggèr nadyan kajambara | andhatêngana dukane | gusti măngsa ngong gingsira | nadyan tumêkèng pêjah | atadhah dêdukanipun | ing ramanira jêng sultan ||
218–219 dari 277