Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38–39 dari 46
222–223 dari 277
2.214–2.223 dari 2.770
38.024 Ki Ngabèi Surakarti sigra mangkat | malabêt sira aglis | aris dènnya ngucap | anak ingsun Pabelan | tingalana ingsun iki | Radèn Pabelan | miyak samirirèki ||
38.025 anak ingsun lamon sira têkèng pêjah | pun paman kang belani | pan ingsun winênang | sarupane jro pura | sultan wus pracayèng kami | wong dosa pêjah | yèn ingsun kang malangi [412] ||
38.026 apan ingsun pinrêcayèng kangjêng sultan | jêjaluka sirèki | payo sutaningwang | kang tumênggung pracaya | mapan ingsun wus winêling | mring ramanira | ya polahira iki ||
38.027 Radèn Pabelan dêlalahe yèn pêjah | têka ngandêl sirèki | nulya sira wudhar | sarwi sira angucap | radèn ayu ingsun mijil | lah uculêna | man ngabèi nangguhi ||
38.028 man ngabèi wus winêkas maring rama | dening tingkah ngong iki | nulya radèn mêdal | miyos ing palataran | sêdyane radèn ngujungi | dhumatêng sira | Ngabèi Surakarti ||
38.029 sarêng dhêku kang wingking sira narajang | sarêng panuduknèki | radèn kapracaya |[1] datan kongsi sêsambat | kapisanan nuli mati | arang karanjang | kaninira nêmbusi ||
38.030 sampun mati binuwang kali Lawiyan | kang rama tan mirsèki | pan ganti rong dina | tumênggung dènnya mirsa | yèn kang putra sampun mati | pan sinudukan | sampun binuwang kali ||
38.031 sasampune pêjah Rahadèn Pabelan | anuli dèn timbali | Ki Tumênggung Mayang | dinukan Kajêng Sultan | arsa tinundhung tumuli | marang Sêmarang | ingajab dhangdhanggêndhis ||
39. Dhandhanggula
39.001 Dyan punika kang winuwus malih | garwanira Ki Tumênggung Mayang | nênggih punika arine | Senapati puniku | pun Tumênggung Mayang pan mantri [413: ma...ntri] | nira Sultan Pajang |[2] pan olèh bêbêndu | tinundhung marang Sêmarang | mantri sèwu punika ingkang angiring | mangkat maring Sêmarang ||
39.002 Tumênggung Mayang wau kang èstri | andutakkên ambêkta nawala | praptèng ing Mataram age | lumêbêt ing kadhatun | mangsah cundhuk lan Senapati | manêmbah ing suku sa |[3] mangusapi lêbu | nuli ngaturakên layang | tinanggapan ing Senapati Matawis | layang nulya winaca ||
222–223 dari 277

 


kaprajaya. (kembali)
Kurang satu suku kata: nira Sultan ing Pajang. (kembali)
sang. (kembali)