Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38–39 dari 46
222–223 dari 277
2.219–2.228 dari 2.770
38.029 sarêng dhêku kang wingking sira narajang | sarêng panuduknèki | radèn kapracaya |[1] datan kongsi sêsambat | kapisanan nuli mati | arang karanjang | kaninira nêmbusi ||
38.030 sampun mati binuwang kali Lawiyan | kang rama tan mirsèki | pan ganti rong dina | tumênggung dènnya mirsa | yèn kang putra sampun mati | pan sinudukan | sampun binuwang kali ||
38.031 sasampune pêjah Rahadèn Pabelan | anuli dèn timbali | Ki Tumênggung Mayang | dinukan Kajêng Sultan | arsa tinundhung tumuli | marang Sêmarang | ingajab dhangdhanggêndhis ||
39. Dhandhanggula
39.001 Dyan punika kang winuwus malih | garwanira Ki Tumênggung Mayang | nênggih punika arine | Senapati puniku | pun Tumênggung Mayang pan mantri [413: ma...ntri] | nira Sultan Pajang |[2] pan olèh bêbêndu | tinundhung marang Sêmarang | mantri sèwu punika ingkang angiring | mangkat maring Sêmarang ||
39.002 Tumênggung Mayang wau kang èstri | andutakkên ambêkta nawala | praptèng ing Mataram age | lumêbêt ing kadhatun | mangsah cundhuk lan Senapati | manêmbah ing suku sa |[3] mangusapi lêbu | nuli ngaturakên layang | tinanggapan ing Senapati Matawis | layang nulya winaca ||
39.003 pèngêt kakang Senapati mami | olèh dukanira kangjêng sultan | pan kinesahkên ing mangke | Sêmarang karsanipun | mantri Pajang ingkang angiring | sèwu gêgamanira | padha sirèng ngêpung | ulun puniki yèn kêna | abdèkêna sumawita ing Mantawis | sampun lyan pangawulan ||
39.004 layang sampun wau sinasuwir | ingkang jaja upama têmbaga | apracihna sru dukane | lathinira kumê |[4] mukanira lwir wora-wari | ujwalanya baranang | kotbuta dinulu | Senapati ing Ngalaga | tingalnyandik ujwala apindha api | rêrêp sakyèhing wadya ||
39.005 Senapati ing Ngalaga angling | hèh samitra mantri pamajêgan | sami ngong têdha damêle | mantri kang patang puluh | hèh rêbutên sadulur mami | yayi Tumênggung Mayang | mêtua ing Kêdhu | rêbutên sanggon kapapag | nulya sami sinangonan ingkang mantri | pamajêgan sadaya ||
39.006 jarijinya kinêbêkan singsim [414] | myang sêsotya kancana punika | gêbyar-gêbyar ujwalane | sêsotyanya bra murub | muncar warna lwir lintang ngalih | gumêbyar kadya kilat | asri yèn dinulu | asih sêtya ing wanodya | pracinane[5] rêtna widêgdèng pawèstri | dunya tinohan pêjah ||
39.007 mantri kawan dasa angabêkti | pan sakèhe panarkaning nala | mangkana ing sasmitane | baya mangke anaur | ulun iki ing sihing gusti | tugêle jangganingwang | ulun praptèng lampus | pan panaur ingsun kurang | kêkathahên dananipun gusti mami | saurên de Hyang Suksma ||
222–223 dari 277

 


kaprajaya. (kembali)
Kurang satu suku kata: nira Sultan ing Pajang. (kembali)
sang. (kembali)
Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu u: lathinira kumêdut. (kembali)
pracihnane. (kembali)