Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38 dari 46
220–221 dari 277
2.197–2.206 dari 2.770
38.007 yèn sidaa pêsthi pêjah raganingwang | mulane yayi bali | nulya kang pawongan | pan samya amiyarsa | sakyèh pawongan samya ngling | bekane ingwang | mirsa kakung swarèki ||
38.008 kakung uga kang kapirsa iki iya | apocapan lan gusti | apa jêng ratu mas | bekane acarita | kang sawiji anauri | durung miyarsa | ratu mas caritèki ||
38.009 yèn mêngkono bekane lah nyatakêna | swara kapirsa iki | apan sun watara | ngêndi ana carita | kalih dalu nora uwis | lajêng Ratu Mas | kawan dalu tan mijil ||
38.010 yèn gustimu bekane oliha bedhang | wong patang puluh iki | pasthi pinêjahan | dening Jêng Sultan Pajang | rêrêksan kalêbon sandi | yèn tan matura | kaya pa dayanèki ||
38.011 payo matur manawa kadhiminan |[1] sira mring wong tamtami | ora wande pêjah | sira kalawan ingwang | payo bekane dèn aglis | matur mring Sultan | nulya malajêng sami ||
38.012 praptanira ngajêngan para parêkan | sami konjêm ing [410] siti | sarêng aturira | mring Kajêng Sultan Pajang | ngaturakên pati urip | Sultan kawula | tiwas ngrêksa ing gusti ||
38.013 sigra mojar Sultan Pajang ing parêkan | tiwas apa sirèki | ngrêksa gustinira | parêkan matur samya | kawula kalêbon sandi | nênggih kang aran | pun Pabelan sang aji ||
38.014 sarêng mirsa sultan aturing kawula | jaja lir mêtu agni | kumêdut kang lathya | tingal andik lwir surya | ujwala lwir wonga-wari[2] | wadananya bang | cihna duka dhatêngi ||
38.015 hèh parêkan timbalana wong tamtama | sakèri kanan aglis | padha kita kona | manawa sapanêkarnya |[3] parêkan lampahnya aglis | praptèng pasowan | wong tamtama kapanggih ||
38.016 hèh priyayi tamtama nêdha ngandikan | malêbêt ing jro puri | jajar dèn gawaa | lah anêdha dèn enggal | parêkan lampahnya ngarsi | praptèng ngajêngan | umatur ing nrêpati ||
220–221 dari 277

 


Kurang satu suku kata: payo matur bokmanawa kadhiminan. (kembali)
wora-wari. (kembali)
Lebih satu suku kata: mawa sapanêkarnya. (kembali)