Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38 dari 46
220–221 dari 277
2.194–2.203 dari 2.770
38.004 yèn angucapa sira Radèn Pabelan | nadyan tumêkèng pati | mangke awak ingwang | aja mati priyoga[1] | matia kalawan putri | Sêkar Kadhatyan | nulya wangsul sira glis ||
38.005 duk samana Rahadyan [409: Rahadya...n] Sêkaringpura | apan dèrèng aguling | nulya lampahira | radyan prapta ing latar | lajêng malêbêt sira glis | ing pasarean | radyan mêksih alinggih ||
38.006 gya sinapa de Radèn Sêkaringpura | kakang pagene bali | lah wontên punapa | baya wontên wong langlang | Radèn Pabelan nauri | dhuh gustiningwang | tan bêtah pisah gusti ||
38.007 yèn sidaa pêsthi pêjah raganingwang | mulane yayi bali | nulya kang pawongan | pan samya amiyarsa | sakyèh pawongan samya ngling | bekane ingwang | mirsa kakung swarèki ||
38.008 kakung uga kang kapirsa iki iya | apocapan lan gusti | apa jêng ratu mas | bekane acarita | kang sawiji anauri | durung miyarsa | ratu mas caritèki ||
38.009 yèn mêngkono bekane lah nyatakêna | swara kapirsa iki | apan sun watara | ngêndi ana carita | kalih dalu nora uwis | lajêng Ratu Mas | kawan dalu tan mijil ||
38.010 yèn gustimu bekane oliha bedhang | wong patang puluh iki | pasthi pinêjahan | dening Jêng Sultan Pajang | rêrêksan kalêbon sandi | yèn tan matura | kaya pa dayanèki ||
38.011 payo matur manawa kadhiminan |[2] sira mring wong tamtami | ora wande pêjah | sira kalawan ingwang | payo bekane dèn aglis | matur mring Sultan | nulya malajêng sami ||
38.012 praptanira ngajêngan para parêkan | sami konjêm ing [410] siti | sarêng aturira | mring Kajêng Sultan Pajang | ngaturakên pati urip | Sultan kawula | tiwas ngrêksa ing gusti ||
38.013 sigra mojar Sultan Pajang ing parêkan | tiwas apa sirèki | ngrêksa gustinira | parêkan matur samya | kawula kalêbon sandi | nênggih kang aran | pun Pabelan sang aji ||
220–221 dari 277

 


priyăngga. (kembali)
Kurang satu suku kata: payo matur bokmanawa kadhiminan. (kembali)