Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 46
224–225 dari 277
2.237–2.246 dari 2.770
39.016 warnanira lwir prawata sari | alêlaku angêbêki papan | Sultan Pajang makuthane | cinawi intên mancur | lwir baskara ujwala ngênting | sang hyang arka kasoran | ing ujwalanipun | kucêm asru lêwih merang | ujwalanya sinoma wus ambandhingi | lan sênêning makutha ||
39.017 Sultan Pajang agya sira prapti | pasanggrahane ing Parambanan | anuli baris kubênge | Senapati amêthuk | Randhulawang dènnya abaris | pêpêk saglar sapapan | wong dhomas akumpul | mèh surup sang hyang raditya | Arya Jamba pêpitu mantri Matawis | nabuh bêndhe pun Bicak ||
39.018 Gunung Kidul gènipun miyosi | tinumpukan kayu pan jinajar | sapêmbêdhil lêlongkange | sarêng ingobong murub | bêndhenira pun Bicak muni | angangkang kadi gêlap | ing kasanganipun | swarane lwir anèng tawang | Sultan Pajang [417: Pa...jang] amirsa pun Bicak muni | tyas kampita gya mojar ||
39.019 hèh prawata kidul sun tingali | dadi gêni unine Si Bicak | angangkang lêwih swarane | wong Mataram ngong dulu | kadya mêtu tan ana iki | gurnitanira ika | kadya gunung rubuh | Adipati Tuban mojar | hèh sang nata amêmêdèni wong cili | dening tuwan ngandika ||
39.020 ing tarkane ing ulun puniki | maksih wani yèn adunên aprang | lan kakang Senapatine | wong tamtama puniku | ulun gawok lamon ajurit | pan widêgda arosa | lan atêguh-têguh | anyêkêla apan kêlar | mêjahana Senapati ing Matawis | wong kawan dasa kêlar ||
39.021 Sultan Pajang angandika aris | sutaningong Adipati Tuban | aja sira wani age | Senapati amungsuh | wruhanira wus têkèng jangji | ngalih cahya nur buwat | Senapati mêngku | ing tanah Jawa sadaya | pan aseba ing Senapati Matawis | iku ingkang tumămpa ||
39.022 datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati ika | Ki Juru Martani age | nuli sira amuwus | hèh Ki Senapati Matawis | kadipundi rèhira | mapan ora wurung | amêsah ing Sultan Pajang | pira dohe lêt umpak kari sawêngi | benjang yèn sira aprang [418] ||
39.023 ulun iki lêwih sangking isin | anon mukane mantri ing Pajang | yèn nêmpuha ing jurite | dening bapa lan sunu | silih ukih dènira jurit | Senapati gya mojar | kadya pa puniku | rèhira kang linampahan | ulun iki anut ing karsanirèki | jarwanana rèhira ||
39.024 Kyai Juru Amartani angling | yèn sambada lawan karsanira | uni ika sêmayane | kalawan Nyai Kidul | uwis sêdhêng mangke tinagih | kalawan kang kayangan | Marapi ing gunung | ing nguni pan asêmaya | maring ingsun ing mangke yêkti ngong tagih | mangke pan adhatêngan ||
39.025 Senapati ing Ngalaga angling | nulya angadêg tumêngèng tawang | angèstokkên ing jangjine | kalawan Nyai Kidul | nulya umyus mêsat ing langit | bayu bajra narajang | sêmpal kayu êrug | pracandhanya amarapal | prapta udan kumêrug awor lan angin | pratăndha yèn jim prapta ||
224–225 dari 277