Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 46
225–226 dari 277
2.246–2.255 dari 2.770
39.025 Senapati ing Ngalaga angling | nulya angadêg tumêngèng tawang | angèstokkên ing jangjine | kalawan Nyai Kidul | nulya umyus mêsat ing langit | bayu bajra narajang | sêmpal kayu êrug | pracandhanya amarapal | prapta udan kumêrug awor lan angin | pratăndha yèn jim prapta ||
39.026 tan antara surak anèng langit | gurnitanya kadi langit rêbah | kadya gunung guntur kabèh | prakatha padha umung | antaraning wukir Marapi | nauri nulya bêngkah | kawah gumalêdhug | udan awu ingkang prapta | guntur gunung watu padhas lan karikil | longsor ladhu lumampah ||
39.027 watu agêng kathah kang winarni | sarêng ladhu [419] anèng kali Umpak | angèli ngingsor parane | pan sami cêcalathu | hèh wong batur kang gêdhe cili | sira iki ngandikan | amapaga musuh | apan ana Parambanan | Sultan Pajang yèku mungsuhira jurit | sawêngi kalahêna ||
39.028 Sultan Pajang miwah ingkang mantri | kagegeran dening ladhu minggah | narajang pasanggrahane | bala Pajang lumayu | sowang-sowang arêbut urip | anarka yèn kiyamat | dene watu nêmpuh | pasanggrahan pan dharatan | nora layak watu ladhu angunggahi | padha bisa angucap ||
39.029 Sultan Pajang balane angisis | apan sirna saha sanjatanya | binongkok binêkta mulèh | Sultan Pajang glis mundur | ing giligan gènnya miranti | laju maring Tambayat | karsane angujung | kunci sinorog tan kêna | Sultan Pajang angujung sangking ing jawi | sawusira gya mojar ||
39.030 hèh sang kunci apa ta karaning | lawang gêdhong sinorog tan kêna | pun kunci alon ature | pan jênêngira prabu | tan winênang dening Hyang Widdhi | tinampik jênêng tuwan | dening kang tinunggu | wong mati parêk ing suksma | cahyanira nuring rat pan wus angalih | anèng raja Mataram ||
39.031 Sultan Pajang sandeya ing ati | amiyarsa tuture wong tuwa | anulya sira asare | ana ing bale kêncur | salawase dènnya [420] aguling | dèrèng kadi punika | kanikmatanipun | nuli wungu dènnya nendra | adan mundur Sultan Pajang nitih èsthi | lumampah tibèng dalan ||
39.032 nulya sultan tandhu dèn titihi | lajêng gêrah sarira sadaya | dadya arêmbên lampahe | Senapati angrungu | lamun sultan gêrah ing margi | Senapati anyabrang | kali Umpak laju | ambêkta wong kawan dasa | kêkapalan nêrka ngatêrkên sang aji | bubar baris Mataram ||
39.033 wadya Pajang miwah ingkang mantri | padha kagèt dènira umulat | Senapati nusul age | untap-untapan sampun | para putra matur sang aji | Senapati Mataram | katingal anusul | ambêkta wong kawan dasa | watawise yèn sawawi lan sang aji | pinapak winangsulan ||
39.034 Senapati wadyabala kêdhik | apan sora ulun apranga |[1] dening wadya ulun akèh | Sultan Pajang amuwus | sutèng ulun kabèh sirèki | aja sira anarka | sora padha mungsuh | Senapati ing Ngalaga | kakangira gêgêntiningsun yèn mati | sanak tuwa sinêmbah ||
225–226 dari 277

 


Kurang satu suku kata: apan sora ulun apêranga. (kembali)