Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 46
226–227 dari 277
2.258–2.267 dari 2.770
39.037 Adipati Banawa tan angling | amiyarsa tuturèng kang rama | miwah têka santanane | umung anèng dalanggung | pan sinêlêk lakunira glis | prapta nagarèng Pajang | tumamèng kadhatun | Senapati ing Ngalaga | pamondhokan desa Mayang iku nênggih | lawan sabaturira ||
39.038 Sultan Pajang amiyarsa mangkin | yèn kang putra mondhok desa Mayang | nulya aputusan age | duta prapta umatur | Senapati kita dèn sèngi | de ramanira Sultan | tumamèng kadhatun | Senapati sigra mojar | hèh sang duta matura maring sang aji | amit ulun katuran ||
39.039 amit mangkin nanging boya mulih | ulun iki nganti karsaning Hyang | aturêna dipun age | dutanira pan wangsul | mring jro puri cundhuk sang aji | matur mring Sultan Pajang | Senapati nêkung | maladi samadiningrat | desa Mayang wayah têngah dalu [422] mangkin | pun Juru Taman prapta ||
39.040 amêng-amêngane Senapati | gêdhenira pan sagunung anak | mêndhêk ngalosod ngarsane | pan Juru Taman matur | Senapati tuwanku singgih | manawi darbe karsa | angrabasèng prabu | ing Pajang ulun lumampah | pêjah gêsang pan ulun ikang nglêboni | tuwan kantun awirya ||
39.041 Senapati ing Ngalaga angling | Juru Taman ulun atarima | ing pracayanira age | ulun tan darbe kayun | ing sakarsanira umaring | Juru Taman anêmbah | anulya tumanduk | malêbêt maring kadhatyan | Sultan Pajang kapanggih gêrah alinggih | binithi jajanira ||
39.042 Sultan Pajang kantaka gumuling | tinangisan dening para graha | tanapi putrane kabèh | aramya gumarumung | sarêng enjing Sultan anglilir | saya sangêt kang gêrah | Senapati iku | sakathahe wong Mataram | pinundhutan padha atuku sêlasih | tinumpuk lawang kulwan ||
39.043 Senapati Ngalaga siniwi | kacita ana desa Mayang |[1] tigang dalu tri dinane | nulya mulih pan sampun | mring Mataram kocaping wuri | Pangeran ing Banawa | sigra dènnya matur | hèh rama putra paduka | Senapati wong Mataram dèn pundhuti | sêlasih sami tumbas ||
39.044 apikulan [423] agotongan sami | amêmondhong dèn tumpuk sadaya | ing lawang sakèthèng kilen | Sultan Pajang amuwus | kakangira Ki Senapati | sangêt gumatinira | darbe rama mring sun | pratandhane sih-sinihan | pan waspada sutèng ulun Senapati | yèn ulun mèh palastra ||
39.045 tan antara sultan angêmasi | para putra nungkuli sadaya | tanapi para garwane | miwah mantri tumênggung | pêcattăndha lan angabèi | răngga lan pandalêgan |[2] kandhuruhanipun | wadu aji para dêmang | lawan malih rabine padha anangis | gurnita lwir ampuhan ||
39.046 Adipati Banawa sigra ngling | hèh sakèhe para mantri Pajang | ingsun ajaluk rêmbuge | ulun kinèn apatut | wêwêkasing swarga sang aji | Senapati Ngalaga | putra kang asêpuh | kang rama apan wis tilar | prayogane sena sun aturi |[3] pinajar sultan seda ||
226–227 dari 277

 


Kurang satu suku kata: kacarita ana desa Mayang. (kembali)
pandêlêgan dan di tempat lain. (kembali)
Kurang dua suku kata: prayogane senapati sun aturi. (kembali)