Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 46
227–228 dari 277
2.267–2.276 dari 2.770
39.046 Adipati Banawa sigra ngling | hèh sakèhe para mantri Pajang | ingsun ajaluk rêmbuge | ulun kinèn apatut | wêwêkasing swarga sang aji | Senapati Ngalaga | putra kang asêpuh | kang rama apan wis tilar | prayogane sena sun aturi |[1] pinajar sultan seda ||
39.047 sajan gêlêm tan gêlêma mangkin | apan iku sanak ingsun tuwa | pan rama ji gêgêntine | dununge sêmbah ingsun | mantri Pajang kabèh umiring | dutanira glis mangkat | ing Mataram rawuh | tumama maring kadhatyan | wus kapangguh anêmbah ing Senapati | duta atur uninga ||
39.048 Senapati ulun atur paksi | Sultan Pajang apan sampun lina | ulun punika kinèkèn |[2] dening [424] rayi pukulun | Adipati Banawa nênggih | jêngandika ngaturan | mring Pajang puniku | inganti aniramana | ing layone rama ji Sultan anênggih | maksih agilang-gilang ||
39.049 Senapati sigra dènnya nitih | kudanira anandêr anyongklang | nulya rawuh Pajang age | tumama ing kadhatun | Senapati nangis ing ati | anuli sinungkêman | padane sang prabu | tan beda kala agêsang | ing baktine Senapati ing Matawis | dhatêng Sultan ing Pajang ||
39.050 adan nulya siniraman sami | wus kinèn nêmbahyangakên pisan | sampunnya binakta age | pinêtêk sirèng butuh | nulya sami maca talêkim | andonga sampun tamat | nulya sami mantuk | wus rawuh nagara Pajang | sampun pêpêk sagunging pandhita aji | muwah putra sadaya ||
39.051 Susunan Kudus sigra dènnya ngling | hèh sakèhe para mantri Pajang | putra sapa prayogane | ingkang gumanti ratu | kang jmênêng Pajang nagari |[3] mantri Pajang sadaya | ri saksana matur | yèn sawawi layan tuwan | Adipati Banawa yogya gêntèni | putra jalu sajuga ||
39.052 Susuhunan ing Kudus nulya ngling | tan sêmbada lawan karsaningwang | Adipati Banawane | yèn jumênênga ratu | Adipati ing Dêmak malih | apan iku kang tuwa | jumênênga [425: ju...mênênga] ratu | iya èstri ingkang putra | Sultan Pajang kang lanang putrane iki | Adipati ing Dêmak ||
39.053 ya dyan mantu yogya dadi aji | dening wadon lawan lanang ika | kang ro trêrah kusumane | Dipati Bênawèku | sampun winarisan nagari | iya nagari Pajang | wasiyat kang lampus | yogya miyanga ing Jipang | awismaa mapan jumênênga aji | ing Jipang asebaa ||
39.054 Senapati mangkya turun angling | gya sinaru Kyai Juru mojar | Senapati payo mulèh | Senapatinya mundur | Kyai Juru amêmarahi | Senapati Ngalaga | aja turun wuwus | karêpe wong asêsanak | silih ukih padudon rêbat nagari | dadi apêpêrangan ||
39.055 lêhêng sira mêmulea dikir | lan sidhêkaha angalap sawab | ing lêluhur para kabèh | ing Mataram pan agung | atanapi bêras lan pari | banthèng kidang manjangan | ing Mataram agung | amanggunga akasukan | ing Mataram wismanira pan abacik |[4] aja narka ing Pajang ||
227–228 dari 277

 


Kurang dua suku kata: prayogane senapati sun aturi. (kembali)
kinèngkèn. (kembali)
kang jumênêng Pajang nagari. (kembali)
abêcik. (kembali)