Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 46
228 dari 277
2.271–2.280 dari 2.770
39.050 adan nulya siniraman sami | wus kinèn nêmbahyangakên pisan | sampunnya binakta age | pinêtêk sirèng butuh | nulya sami maca talêkim | andonga sampun tamat | nulya sami mantuk | wus rawuh nagara Pajang | sampun pêpêk sagunging pandhita aji | muwah putra sadaya ||
39.051 Susunan Kudus sigra dènnya ngling | hèh sakèhe para mantri Pajang | putra sapa prayogane | ingkang gumanti ratu | kang jmênêng Pajang nagari |[1] mantri Pajang sadaya | ri saksana matur | yèn sawawi layan tuwan | Adipati Banawa yogya gêntèni | putra jalu sajuga ||
39.052 Susuhunan ing Kudus nulya ngling | tan sêmbada lawan karsaningwang | Adipati Banawane | yèn jumênênga ratu | Adipati ing Dêmak malih | apan iku kang tuwa | jumênênga [425: ju...mênênga] ratu | iya èstri ingkang putra | Sultan Pajang kang lanang putrane iki | Adipati ing Dêmak ||
39.053 ya dyan mantu yogya dadi aji | dening wadon lawan lanang ika | kang ro trêrah kusumane | Dipati Bênawèku | sampun winarisan nagari | iya nagari Pajang | wasiyat kang lampus | yogya miyanga ing Jipang | awismaa mapan jumênênga aji | ing Jipang asebaa ||
39.054 Senapati mangkya turun angling | gya sinaru Kyai Juru mojar | Senapati payo mulèh | Senapatinya mundur | Kyai Juru amêmarahi | Senapati Ngalaga | aja turun wuwus | karêpe wong asêsanak | silih ukih padudon rêbat nagari | dadi apêpêrangan ||
39.055 lêhêng sira mêmulea dikir | lan sidhêkaha angalap sawab | ing lêluhur para kabèh | ing Mataram pan agung | atanapi bêras lan pari | banthèng kidang manjangan | ing Mataram agung | amanggunga akasukan | ing Mataram wismanira pan abacik |[2] aja narka ing Pajang ||
39.056 Senapati ing Ngalaga mulih | ing Mataram lami tan kawarna | ing Pajang kocapa malèh | Dipati Dêmak mantu | anggêntosi jumênêng aji | Dipati ing Banawa | wisma Jipang tulus | pandumira mantri Pajang | pinra tiga rong duman pinundhut mangkin | maksih ingkang saduman [426] ||
39.057 kang rong duman pinaringkên sami | mring mantri Dêmak wadyanya lawas | sami jinunjung linggihe | ana jênêng tumênggung | pêcattăndha lawan ngabèi | pandalêgan lan răngga | kandhuruhan iku | tăndha mantri lawan dêmang | mantri Dêmak sadaya jinunjung linggih | awisma anèng Pajang ||
39.058 mantri Pajang akèh rusak ati | dèn longi ing gêgadhuhanira | padha ala pangucape | anaa mungsuh rawuh | dèn rasakna ing Pajang iki | katuwone wak ingwang | tininggal ing ratu | kaliwat dening alara | kwèh durjana ing Pajang bêngi kwèh maling | yèn rina wong bêbegal ||
39.059 Mantri Pajang kabèh padha miring | manahira pan rusak sadaya | maring ratune kang mangke | apan têlênging kayun | Senapati Ngalaga ugi | mantri Pajang kang lawas | pangalasan sèwu | utusan maring Mataram | lampahnya ge asêsandêran wus prapti | nagara ing Mataram ||
228 dari 277

 


kang jumênêng Pajang nagari. (kembali)
abêcik. (kembali)