Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 46
223–224 dari 277
2.226–2.235 dari 2.770
39.005 Senapati ing Ngalaga angling | hèh samitra mantri pamajêgan | sami ngong têdha damêle | mantri kang patang puluh | hèh rêbutên sadulur mami | yayi Tumênggung Mayang | mêtua ing Kêdhu | rêbutên sanggon kapapag | nulya sami sinangonan ingkang mantri | pamajêgan sadaya ||
39.006 jarijinya kinêbêkan singsim [414] | myang sêsotya kancana punika | gêbyar-gêbyar ujwalane | sêsotyanya bra murub | muncar warna lwir lintang ngalih | gumêbyar kadya kilat | asri yèn dinulu | asih sêtya ing wanodya | pracinane[1] rêtna widêgdèng pawèstri | dunya tinohan pêjah ||
39.007 mantri kawan dasa angabêkti | pan sakèhe panarkaning nala | mangkana ing sasmitane | baya mangke anaur | ulun iki ing sihing gusti | tugêle jangganingwang | ulun praptèng lampus | pan panaur ingsun kurang | kêkathahên dananipun gusti mami | saurên de Hyang Suksma ||
39.008 mantri pamajêgan sigra amit | kapya mêsat sarêng nunggang kuda | mantri patang puluh kèhe | anandêrakên maprung | desa Kêdhu dipun dalani | prapta ing Jatijajar | wong Pajang kapangguh | dèn amuk de wong Mataram | mantri Pajang dêdamêl sèwu angisis | malaywa rêrangkangan ||
39.009 mantri pamajêgan dènnya jurit | ing tandange lwir macan ambabal | sarwi angêmbat watange | lumampah rampak ngamuk | maksih manggung luhur turanggi | wadya Pajang kacandhak | tinigas kang gulu | sirah winotên ing jaran | mantri catur dasa padha kuthah gêtih | padha kadi rinêngga ||
39.010 Ki Tumênggung Mayang pan wus kêni | dening mantrinira pamajêgan | patang puluh wau kèhe | wong Pajang kèhe sèwu | sami mulih sisaning mati [415] | lumaywa asasaran | praptèng alun-alun | tumama ing ngabyantara | sigra cundhuk Sultan Pajang nèng jro puri | kampita sira mulat ||
39.011 mantri Pajang matur sarya nangis | pun Tumênggung Mayang pan rinêbat | ing Jatijajar prênahe | wadya sèwu ingamuk | dening duta wadya Matawis | kathahe kawan dasa | kêkapalanipun | ingamuk inggiling kuda | wadya Pajang tinigas janggane kêni | Tumênggung Mayang kêna ||
39.012 wadya Pajang sakantuning mati | pan lumayu sami sowang-sowang | ulun pan tiwas ing gawe | wadya Pajang atakut | datan măngga puliha malih | Sultan Pajang ngandika | pan wis nyata iku | Senapati ing Mataram | pambalike dening amurwa ing jurit | lah payo linurugan ||
39.013 wus angrasuk busana ngajurit | dhuwung anyuriga lapis tiga | wau ika rasukane | maliyo wus rinasuk | bêbarkatan kang dhingin-dhingin | jimat têtambalangan | tiningalan murub | kaprawiraning ayuda | Sultan Pajang angandika dhatêng mantri | payo mangkata yuda ||
39.014 Sultan Pajang sigra nitih èsthi | pan ingiring dening wadyabala | kêrig mantri santanane | lêlayu umbul-umbul | endhe tamèng kalawan bêdhil | tumbak putih lan binang | trisula lan ganjur | towok kolêm lawan panah | myang suligi punang lêmbing amarapit [416] | lir kilat abarungan ||
223–224 dari 277

 


pracihnane. (kembali)