Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39–40 dari 46
230–231 dari 277
2.295–2.304 dari 2.770
39.074 Senapati ing Ngalaga angling | hèh sang duta mêngkono kang karsa | yayi [430] Mas Bênawa mangke | têmu pèk karsaningsun | nagarane ing Pajang iki | duta sira matura | marang ariningsun | Adipati ing Banawa | ngong aturi pinarêka ing Matawis | Gunung Kidul miyosa ||
39.075 risang duta sigra nêmbah amit | lampahira kudane angêrap | dyan prapta Jipang lakune | tumama ing kadhatun | adipati nulya kapanggih | duta matur anêmbah | pangeran tuwanku | ingkang karsa rakandika | jêngandika pinarêka ing Matawis | saha wadya ywa brăngta ||
40. Asmarandana
40.001 Pangeran Banawa aglis | enjing saksana umangkat | saha bala ngiring kabèh | rêmbêning baris lampahnya | Ardi Kidul marganya | datan kawarna ing ênu | desa ing Wêru wus prapta ||
40.002 kawarnaa Senapati | wus amêpêk wadyabala | gya umangkat sabarise | amapag ing arinira | nama Pangran Banawa | ya ta praptèng desa Wêru | wus sami apamondhokan ||
40.003 Senapati wus apanggih | myang ari Pangran Banawa | sarêng panggih sapatêmon | sami kangên rêrangkulan | ri sampuning mangkana | ya ta kasaput ing dalu | nulya sami masanggrahan ||
40.004 samya gunêm glaring jurit | nagri Pajang kang kocapa | wus kasub ing pawartane | lamun Dipati Banawa | akanthi Senapatya | arêmbag anunggil kayun | arsa [431: ar...sa] rumabasèng Pajang ||
40.005 mantri Pajang tyas umiris | wanèh kathah suka manah | kang sami sakit galihe | mangkana pangucaping tyas | ing mêngko malês ingwang | mring wong Dêmak akuhipun |[1] bênêr Pangran Banawa |[2]|
40.006 pan iku kakang duwe waris |[3] jumênênga Sultan Pajang | yèn mêngko uwis mêngkene | pangran kanthi Senapatya | pasthi abot sinăngga | dening sêkti ing prang pupuh | ing jagat pilih tandhingnya ||
40.007 pasthi nagra Pajang iki | kaya nora wurung rusak | ya ta mantri Pajang kabèh | samana sami arêmbag | ambalik karsanira | mring Pangran Banawa iku | apan gustinira lawas ||
40.008 anulya lumampah sami | sakèh mantri Pajang lama | tan kantun sagêgamane | mêthuk Pangeran Bênawa | mring desa Wêru ika | tan kawarna lampahipun | gya prapta ing Wêru sira ||
230–231 dari 277

 


angkuhipun. (kembali)
Kurang satu suku kata: bênêr Pangêran Banawa. (kembali)
Lebih satu suku kata: pan iku kang duwe waris. (kembali)