Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30 dari 46
164–165 dari 277
1.633–1.642 dari 2.770
30.034 duk samana wong Sêsela ingkang pêjah | kadi babadan pacing | wangke anggulasah | ingamuk Arya Jipang | watêking wus nandang kanin | sira Ki Arya | datan anêdya urip ||
30.035 pangamuke Ki Arya pan tanpa lawan | sing kang katêmpuh gusis | wau kawarnaa | sira Ki Pamanahan | wruh yèn wong Sêsela ngisis [304: ngi...sis] | akathah pêjah | arsa tulung ajurit ||
30.036 lawan Ki Panjawi akarsa tumandang | wau Radèn Ngabèi | kang datan sarănta | sangking wantêring manah | ningali wong sakwèh mati | tan tari ngrama | sigra mangsah rumiyin ||
30.037 waos pun Palèrèd ingagêm ingêmbat | mangsah sira ngajurit | ya ta Arya Jipang | kang sampun nandhang brana | pangamuke wuru gêtih | sira rahadyan | kapale dèn titihi ||
30.038 mangsah ngrana rahadyan angêmbat watang | Ki Juru anututi | èstri kapalira | wau kang tinitihan | miwah sira Ki Panjawi | lan Pamanahan | kêbat samya nututi ||
30.039 apan sampun sami ngampingi kang putra | Ki Arya aningali | yèn pinagut ing prang | mring têtiyang nonoman | ya ta Ki Arya sira ngling | wong apa sira | wani ngadhangi mami ||
30.040 apan sira dudu mungsuh ingong aprang | Si Pajang ana ngêndi | kang nanggupi ringwang | wani aganti watang | lah mara konên mêtoni | [...] | mupung ngong iki kanin ||[1]
30.041 sun tarima Si Pajang dudu wong lanang | yèn tan wani mêtoni | pan ngong wus kabranan | lah konên praptèng ngarsa | aja kang kaya sirèki | eman matia | rupamu nom apêkik ||
30.042 angur sira têka mundura lolonan | aja kongsi bêlahi [305: bêlah...i] | Radèn Loring Pasar | mirsa lingnya Ki Arya | rahadèn runtik ing ati | arsa numbaka | Ki Juru wus udani ||
30.043 yèn kang putra wau lintang runtikira | arsa nêkani wani | Ki Juru prayitna | wruh kudane kang putra | yèn mêksih bêlo kinoci | Ki Juru sigra | nguculkên kuda èstri ||
164–165 dari 277

 


Kurang satu gatra: ke-6 (5a): sira Si Pajang. (kembali)