Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30–31 dari 46
166–167 dari 277
1.654–1.663 dari 2.770
30.055 duk pinanjêr anèng pinggir lèpèn ika | ucapên ingkang kari | gêgamaning Jipang | muntab ngêbêki papan | duk sêmana kang winarni | pan sinêngkalan | iku sapta hèr nabi |[1]|
30.056 ambaranang kadi arga kawêlagar [307: kawê...lagar] | anggênggêng punang baris | kandhêg duk sêmana | anèng wetaning toya | miyarsa gustine mati | wadya ing Jipang | manahe brăngta kingkin ||
31. Asmarandana
31.001 mangkana Radèn Ngabèi | Loring Pasar angandika | astane sarwi angawe | lah wong Jipang tingalana | gustimu wus palastra | apa ingkang sira rêbut | kudu abela tulangan ||
31.002 gustinira wus ngêmasi | lawan pêpatihe pisan | udu ta iki sirahe | Tumênggung Mataun Jipang | sun panjêr anèng tawang | rêbutên yèn sira purun | sapa kang milu abela ||
31.003 apan ta sira wong cili | iya milu-milu apa | bulah iki pêpatihe | milu mukti awibawa | ya ta kawula Jipang | arêmbug sami abiluk | pan gustinira wus pêjah ||
31.004 sampun anabrang ing kali | sakèhe kawula Jipang | ngaturakên bongkokane | mring Ngabèi Loring Pasar | mangkana kawarnaa | apan kasaput ing dalu | kondur sami mangsanggrahan ||
31.005 ya ta agunêm sawêngi | Ki Panjawi Pamanahan | Ki Juru alo[2] wuwuse | paran rêmbag pakanira | Kiyai Pamanahan | Ki Panjawi mangkya muwus | langkung karsa pakanira ||
31.006 manira têka umiring | măngsa borong pakanira | Ki Juru alon wuwuse | kang mêjahi Arya Jipang | pan anak [308: a...nak] pakanira | lamon aturna satuhu | dhumatêng sang adipatya ||
31.007 pasthi ganjarane kêdhik | yèn katura putranira | ingkang angaèsi gawe | nora atămpa nêgara | tan liyana ginanjar | kang adi awarni kampuh | daragêm ingkang ganjaran ||
31.008 kalawan picis sakêthi | iku watara manira | yèn para aku wong roro | kang matèni Arya Jipang | katura sang dipatya | nagara ganjaranipun | ing Pathi lan ing Mataram ||
166–167 dari 277

 


Tanggal: iku sapta hèr nabi (1471). (kembali)
alon. (kembali)