Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 46
173–174 dari 277
1.722–1.731 dari 2.770
31.067 Ki Juru amituturi | dipun asabar ing karsa | măngsa wandeya kalakon | ngêndi ana ratu cidra | nanging inganti uga | durung ungsum tibanipun | sampun para sakit driya ||
31.068 sangsangya alami-lami | pan sami kèndêl kewala | adipati tan miraos | sangsaya nora darana | wau Ki Pamanahan | sangsaya merang kalangkung | dening sunan mêdyèng ujar ||
31.069 adhêdhêkah ing Banglampir | Ki Pamanahan samana | saya gagas wirange |[1] wus lawas tan ana seba | maring Dipati Pajang | dèn palaur adhêdhukuh | ambantêni kang sarira ||
31.070 mangkana ingkang ginupit | Panêmbahan Kalijaga | pan nora samar tingale | pandhita angraga suksma | wikan dèrèng winarah | karsane wau têtulung | têtinjo Ki Pamanahan ||
31.071 sakêdhap prapta Banglampir | Susunan Kalijaga |[2] Ki Pamanahan ngêlosod | dening Panêmbahan [318: Panêmbah...an] prapta | wau Ki Pamanahan | sumungkêm padaning guru | sampun atata alênggah ||
31.072 ngandika sang mahayêkti | ya pagene kaki sira | têka dhêdhukuh ing kene | pagene nora tulusa | gènira asuwita | apan sira tunggal kawruh | kalawan Ki Jêbèng Pajang ||
31.073 Ki Pamanahan ngabêkti | kawula anuhun duka | putra paduka ing Paos | angowahi ing ubaya | milanipun kawula | inggih asangêt tan purun | sumawita ratu cidra ||
31.074 mèsêm Sinuhun ing Kali | arum wijiling wacana | aja ta sira wiraos | apan ingsun wus uninga | karsane manahira | alah payo mêngko ingsun | kang angatêr marang sira ||
31.075 apêpanggiha pribadi | kalawan ta arinira | apan wus tunggal paguron | kalawan Ki Jêbèng Pajang | singa ingkang dêduwa | yakti ingsun kang amatut | aja na wêganging karsa ||
31.076 lah payo sun atêr kaki | maring nagari ing Pajang | sira pêpanggiha dhewe | saksana sang apandhita | lumampah dhatêng Pajang | Ki Pamanahan tut pungkur | datan kawarna ing marga ||
173–174 dari 277

 


Kurang satu suku kata: saya anggagas wirange. (kembali)
Kurang satu suku kata: Susunan ing Kalijaga. (kembali)