Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
41 dari 46
236–237 dari 277
2.360–2.369 dari 2.770
41.025 salwir bawane kang sinung wadi | kinarya mong jagat jaga-jaga | arjaning ratu èsthine | gulang-gulangên iku | dipun yitna ulah nagari | duwea wong têtiga | rumuhun wong iku | pandhita ing wong atapa | lawan malih wong petangan uladuni | palakiyah lan ramal ||
41.026 yèn sira yun wêruha ing wèsthi | pranatane wong dadi narendra | atakona dipun age | wadyanira sang wiku | lamon ayun uningèng wadi | takona wong petangan | ingaran dhêdhukun | yèn ayun ing pangawasa | kang kajaba sangking wirayating tulis | takona wong atapa ||
41.027 Pangeran Banawa matur aris | kakang Senapati ing Ngalaga | sakèhe bêbarkatane | rama aji pukulun | pan sumăngga ulun puniki | tuwan bêktèng Mataram | pantês anak sêpuh | kang anduma wêwarisan | jêngandika ulun tan amisesani | sakèhe bêbarkatan ||
41.028 Senapati ing Ngalaga angling | ari Adipati ing Banawa | lah abênêr [443] sasmitane | bêbarkatan sun pundhut | ulun gawa maring Matawis | cihna gêdhe kang purna | rama ji lan ingsun | têmên-têmên kênèng kêdhap | sarasaning sarkara rupa lan manis | tan kêna pasahna |[1]|
41.029 lah karia yayi ingsun amit | ingsun mulih maring ing Mataram | sun èstokkên sawêlinge | salamêt sira kantun | Adipati Banawa nangis | nèng ngarsane kang raka | padane sinuhun | sêsambate amlasarsa | yèn tinilar bapa babu ingkang lalis | datan narka panggiha ||
41.030 enjang mangkat Senapati mulih | kêbating lampah lwir angin topan | praptèng Mataram lampahe | wus lumêbêt kadhatun | Senapati jumênêng aji | wong Mataram kang seba | miwah ingkang sunu | lirna mantri pamajêgan | wong kajoran pêpêk anèng ing Matawis | Sultan Pajang wus sirna ||
41.031 awatawis lagya pitung bêngi | Senapati rawuh ing Mataram | miwah sakula wangsane | anuntên enjingipun | Senapati miyos tinangkil | pêpêk kang para putra | ngandikan mring ngayun | sakèhe para santana | ingandikan pan sami jinunjung linggih | apan sinama-sama ||
41.032 lawan sami sinungan kêkasih | dening Senapati ing Ngalaga | wontêndene [444] Radèn Tompe | ya Pangeran Tumênggung | Gagak Bani ingkang kêkasih | Radèn Santri winastan | ing kêkasihipun | ya Pangeran Singasêkar | Radèn Jambu Pangeran Amangkubumi | sampun sami wibawa ||
41.033 ri sampuning mangkana winarni | wontên prajurit ing Bantên prapta | kesahe sing nagarane | dening nagri Matarum | senapati kaloka sêkti | digdaya myang arosa | pilih tandhingipun | ing tanah Jawa tan ana | prajurit Bantên prapta sêdya ngayoni | mring Kyagêng Senapatya ||
41.034 praptanira pan lagya sawêngi | nèng Mataram dèrèng kauningan | prajurit Bantên praptane | mring Senapati iku | enjing Radèn Răngga manggihi | mring prajurit kang prapta | tumulya amuwus | hèh wong Bantên praptanira | arsa apa apa arsa angayoni | mring rama Senapatya ||
236–237 dari 277

 


Kurang satu suku kata: tan kêna pasahêna. (kembali)