Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
41–42 dari 46
242–243 dari 277
2.412–2.421 dari 2.770
41.077 nuntên kang rayi sinung kêkasih | kang jumênêng Pangeran Juminah [455] | nuntên wau arine |[1] kang badhe madêg ratu | Panêmbahan Karapyak nênggih | anuntên arinira | ing kêkasihipun | ya Pangeran Pringgalaya | wontên dene kang rayi èstri kêkalih | sampun sami akrama ||
41.078 jênêng Radèn Dêmang Tanpanangkil | nuntên arine kalih punika | Têpasana kêkasihe | têlas jinunjung lungguh | ingkang paman sinung kêkasih | Dipati Măndaraka | mangkana winuwus | Adipati ing Banawa | kang jumênêng Susunan Pajang anênggih | sataun laminira ||
41.079 nyandhak asangêt ingkang kêkêling | datan kenging wau ingusadan | kalangkung sangêt gêrahe | para niyaka rêmbug | atur uning ing Senapati | yèn ingkang rayi gêrah | sangêt datan emut | nulya wau aputusan | mantri Pajang lumajêng dhatêng Matawis | lampahipun akêbat ||
41.080 duta Pajang rawuh ing Matawis | wus apanggih lawan Senapatya | duta wus katur ature | nuntên susulan rawuh | sangking Pajang atur upaksi | yèn kang rayi wus seda | kalangkung gêgêtun | akathah ingkang karasa | Senapati waspanira adrês mijil | dening kang rayi seda ||
41.081 duta Pajang anêmbah nulya mit | sabature lampahe akêbat | rawuh ing Pajang enjinge | apan pinêtêk [456: pi...nêtêk] sampun | ya sigêgên datan winarni | Senapati Ngalaga | kang ganti winuwus | sampune ing pitung dina | karsanira Senapati ing Matawis | ingkang rayi ingangkat ||
41.082 Pangeran Tumênggung Gagak Baning | tinanêm anèng nagari Pajang | sampun atêtêp linggihe | mantri punggawa suyud | atanapi punggawa cili | ing Pajang wus atata | kadi duk karuhun | tan owah ingkang parentah | karanipun sitinggil kilèn puniki | tan purun sasamaa ||
41.083 wêwangunan Sultan Pajang nguni | sakathahe wêwêngkoning pura | ginêmpur lêmahdhuwure | myang pasareanipun | dèn ingêri wetan puniki | ênggènira awisma | pangeran tumênggung | sakilèning kitha Pajang | na astana mukmin saking Arab singgih | mila kitha ingêlar ||
41.084 linêbokkên astana puniki | jroning kitha karsane punika | ingambil sawab barkate | dening pangran tumênggung | purwanipun batane uni | patute kitha Pajang | pasagi rumuhun | pangeran tumênggung seda | tan warnanên lamine gènira lalis | pinêtêk ing Mataram ||
41.085 ing dagane Ki Agêng Matawis | ingkang rama anênggih punika | sakilèn masigit gêdhe | ênggènira kinubur | nagarane ing Pajang iki | kagêntosan punika [457: pu...nika] | nênggih wastanipun | Pangeran ing Pajang ika | wus alama samana sampun asinggih | nêmbang durma ing ngarsa ||
42. Durma
42.001 ênêngakêna ing Pajang dyan kocapa | nagara ing Matawis | sampun awibawa | Senapati Ngalaga | miyos saneba[2] ing mantri | kang para putra | santana samya nangkil ||
242–243 dari 277

 


Kurang satu suku kata: anuntên wau arine. (kembali)
sineba. (kembali)