Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
41–42 dari 46
242–243 dari 277
2.418–2.427 dari 2.770
41.083 wêwangunan Sultan Pajang nguni | sakathahe wêwêngkoning pura | ginêmpur lêmahdhuwure | myang pasareanipun | dèn ingêri wetan puniki | ênggènira awisma | pangeran tumênggung | sakilèning kitha Pajang | na astana mukmin saking Arab singgih | mila kitha ingêlar ||
41.084 linêbokkên astana puniki | jroning kitha karsane punika | ingambil sawab barkate | dening pangran tumênggung | purwanipun batane uni | patute kitha Pajang | pasagi rumuhun | pangeran tumênggung seda | tan warnanên lamine gènira lalis | pinêtêk ing Mataram ||
41.085 ing dagane Ki Agêng Matawis | ingkang rama anênggih punika | sakilèn masigit gêdhe | ênggènira kinubur | nagarane ing Pajang iki | kagêntosan punika [457: pu...nika] | nênggih wastanipun | Pangeran ing Pajang ika | wus alama samana sampun asinggih | nêmbang durma ing ngarsa ||
42. Durma
42.001 ênêngakêna ing Pajang dyan kocapa | nagara ing Matawis | sampun awibawa | Senapati Ngalaga | miyos saneba[1] ing mantri | kang para putra | santana samya nangkil ||
42.002 Adipati Măndaraka lunggwèng ngarsa | saha tinari-tari | paman Măndaraka | kadya apa ing karsa | ulun arsa ayêktèni | ingkang wirayat | Jêng Sinuhun ing Giri ||
42.003 Adipati Măndaraka aris mojar | ngong sakêthi umiring | karsa pakanira | Senapati ngandika | paman kalamon sawawi | Si Pangalasan | lumampaha mring Giri ||
42.004 angrêmbagi Kya Dipati Măndaraka | Pangalasan tinari | sira lumampaha | dhatêng Sinuwun Ngarga | aturêna surat mami | Ki Pangalasan | tampi sêrat pinundhi ||
42.005 sampun amit Pangalasan adan bubar | wong sawidak kang ngiring | tan kawarnèng marga | lampahipun akêbat | lumakya siyang myang ratri | dahat sirenggal | prapta ing Giri enjing ||
42.006 Panêmbahan ing Giri lagya sineba | myang para putra nangkil | muwah pra santana | pêpêk anèng paseban | Dyan Pangalasan Matawis | gya praptanira | linarapakên aglis [458] ||
42.007 Pangalasan wus ingandikan ing ngarsa | anuli atur tulis | winacèng wardaya | dènira panêmbahan | mèsêm sarya ngandika ris | lah Senapatya | ing Mataram puniki ||
242–243 dari 277

 


sineba. (kembali)