Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
41 dari 46
235–236 dari 277
2.344–2.353 dari 2.770
41.009 Senapati têdhak saking wajik | asta têngên ngagêm pangawinan | kiwa nyêkêl kandhangsule | kandhêg ing lêmah dhuhur | Kyai Juru Martani angling | aja para tumêdhak | maksiha amanggung | ambanjura mring jro pura | aja walang driya ana ing jro puri | Pajang pan darbenira ||
41.010 Senapati ing Ngalaga angling | karan manira mudhun sing kuda | ing dangu palinggihane | Sultan Pajang tuwanku | nora arus wong wani gusti | kapindho wong atuwa | kaping tiga guru | ping pat yêktènana uga | Sultan Pajang tan beda duk lagi urip | ing pamundhi manira ||
41.011 nulya dhatêng Kyai Senapati | wijil pisan jumênêng ing lawang | para garwa mapag kabèh | Sultan Pajang kang sunu | adipati Dêmak kang èstri | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | senapati tinangisan [439: tinang...isan] | pan rinangkul padane Ki Senapati | matur sarwi karuna ||
41.012 ari ta sampun tuwan pêjahi | Adipati ing Dêmak punika | Senapati dan ujare | datan narka ing ulun | mêjahana ari Dipati | ing Dêmak pan tan nêdya | ngong prih idhêpipun | dening jumênêng ing Pajang | nora tari ing bêcike maring kami | aja ta salah tămpa ||
41.013 lakinira gawanên mariki | lawan malih hèh sêsawêrana | pratăndha kalah yudane | Senapati pan mundur | wus pinarêg anèng sitinggil | Adipati ing Dêmak | samana wus mêtu | binănda ing cindhe kêmbang | para garwa wau ingkang anggèmèli | prapta ing sitibêntar ||
41.014 apan ta jajar wau alinggih | Dipati Dêmak lawan kang garwa | Senapati lon dêlinge | Dipati Dêmak iku | dudu sira kang duwe waris | jumênêng ratu Pajang | pantês putra jalu | ari Dipati Banawa | jumênênga anèng ing Pajang nagari | gêntosana kang rama ||
41.015 hèh Dipati ing Dêmak sirèki | warisira nagara ing Dêmak | lah mintara dipun age | wong Mataram sirèku | mikulana sangune iki | hèh wong Singanêgara | lan wong Martalulut | adhêpên Dipati Dêmak | nora pantês wong wadon nyêkêl têtali [440: tê...tali] | lah sira gêntènana ||
41.016 Adipati Banawa puniki | sukan-sukan anèng pagêlaran | lan sabala santanane | anabuh gala ganjur | pan arame ambêksa rangin | ana kang bêksa watang | rame padha wuru | amrang lêngên para tangtang | para campah candhala anyênyabari | ing Pajang ulun dibya ||
41.017 Senapati ing Ngalaga mijil | kang pinandhi kêkapaning kuda | pun Gathayu kêkasihe | kandhali macan guguh | pan punika sarêng pinandhi | gong pun Sêkar Dalima | bêbarkatanipun | kang ingagêm Sultan Pajang | sakathahe bêbarkatan kang rumiyin | binaktèng pagêlaran ||
41.018 Senapati sineba ing mantri | pagêlaran lun-alun ing Pajang | padha mangrêpa lungguhe | lêlamakipun babut | isi sêkaring nagasari | ujwalanirèng muka | lwir wulan awêlu | sêdhênge asasadara | samya takut sakathahe para mantri | padha tungkul mangrêpa ||
235–236 dari 277