Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 46
24–25 dari 277
234–243 dari 2.770
06.048 kae Jaka sira angling aris | kaki buyut punapi punika | kang lwir manasya[1] warnane | angingkrang linggihipun | kyai buyut ika nauri | ingaranan wanara | Ki Jaka amuwus | lan maninge ika apa | kang anèng pang manuk jamang dening lêwih | bagus kaki rupanya ||
06.049 kyai buyut ika anauri | paksi siyung arane punika | Ki Jaka aris wuwuse | yèn mêngkono ki buyut | sun angalih aran ing mangkin | iya Siyung Wanara | kaki aran ingsun | ki buyut ngamini sira | ya ta ngucap Siyung Wanara lah ngêndi | wismane sanakira ||
06.050 kyai buyut èmêng ing jro ati | dening kabutuh dènnya adora | dadya amicarèng tyase | lah bok iyaa ingsun | sun salimpangênèku malih | rare măngsa wêruha | dadya sira muwus | bagus pasanakan ingwang | uwus ngalih sangking ing wana ing riki | awisma anèng praja [44] ||
06.051 pagaweane apandhe wêsi | karsa sanjatanira sang nata | ing Pajajaran ing mangke | Siyung Wênara wau | sakalangkung bungahing ati | miyarsa tuturira | kang rama Ki Buyut | dening angucap Sang Nata | Pajajaran Ki Jaka rêsêping ati | angrasa wruhing praja ||
06.052 kae Jaka anulya ling aris | lah anêdha ta jinujul pisan | sanakira iku mangke | pangrasane tiningsun | kaya rêke nora atêbih | wismane sanakira | lan sudarmaningsun | ya ta sira sami mangkat | wong kêkalih saking ing wana sira glis | sampun prapta ing praja ||
06.053 nulya dhatêng kapandhean aglis | kyai êmpu kapanggih alênggah | ana ing pabusalène | lagya pêpandhe wau | nulya sira anapa aris | kakang dawêg katuran | ing sarawuhipun | lwir ulam srambahan toya | tyas kawula kadya katibanan sasi | ing sarawuh andika ||
06.054 baya wontên karya kang agati | atanapi mundhut abah-abah | kudhi pacul myang linggise | tatah pêthèl lan wadung | lading gobang pangot lan sêngking | pencong wangkil lan jara | wêdhung miwah prêkul | kawula dhatêng sumăngga | pan akathah kagêngandika[2] puniki | myang warni dhuwung pêdhang ||
06.055 pan akathah ingkang warni-warni | yèn pundhutên kawula sumăngga | tan [45: ta...n] angraosa dêdarbe | angling kiyai buyut | lah anêdha manira yayi | ingsih pracayanira | yayi praptaningsun | taha nêdhaa dandanan | apan boya mila sun prapta ing ngriki | angatêr anak para ||
06.056 arsa panggih kalawan sirèki | anak para Ki Siyung Wanara | kyai pandhe wruh sêmune | ingsun tinggal puniku | datan sun prih anambut kardi | dimon tutug dêdolan | ing sakarsanipun | Kyai Buyut ing Karawang | nulya mantuk tan warnanên sampun lami | Jaka Siyung Wanara ||
06.057 tumut sêsinau pandhe wêsi | aparon dêkung apukul tangan | asêsupit jarijine | sakyèhing para êmpu | apandhean cingak ningali | maring Siyung Wanara | ing kasêktènipun | lami-lami pan kasasra[3] | sanêgara yèn ki êmpu putranèki | asêkti mahambara ||
24–25 dari 277

 


manusya. (kembali)
kagêm andika. (kembali)
kasusra. (kembali)