Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 46
19–20 dari 277
190–199 dari 2.770
06.004 lah agya kakang turuna aglis | suta kita Ki Wisnu Bathara | ing madyapada ring make |[1] saha suta swamèku | ya umadêgêna nrêpati | nanging aja manusya | ratuning lêlêmbut | ri Măncawolu puranya | ring kang dhinghin iya ing gunung Marapi | kapindho Pamantingan ||
06.005 kaping tri ing Kabareyan iki | kaping caturnya ya ring Lodhaya | lan malih kaping pancane | iya Kuwu balêdhug | kaping sade Sapta Waringin | sapta Tanu Landheyan | kaping asthanipun | iya ri kang aran Roban | wruhanira iku purane ing benjing | Wisnusuta putunya ||
06.006 angling wêkas ingong kita benjing | iya ri sawuri wuriningwang | suta putu kita kabèh | ri kang umadêg ratu | ning lêlêmbut manuta benjing | ya ring suta putunya | ratu manusyèku | iya pa sapakartinya | dèn êtuta aywa ta iku dèn dohi | myang yèn amanggih karya ||
06.007 lah Kya Wisnu tumuruna kaki | myang sutaningsun Bathara Brama | turuna mêdyapadane |[2] kita madêga ratu | ngadhatona ring Gilingwêsi [34: Giling...wêsi] | lah gumantyaa kita | Risang Watugunung | kita nêdhakêna nata | nusya Jawa tumulya samya ngastuti | têdhak mring madyapada ||
06.008 nèng madyapada wus madêg aji | Bathara Wisnu dadya narendra | siniwi lêlêmbut kabèh | muwah Hyang Brama uwus | madêg ratu sujalma nênggih | Gilingwêsi puranya | nusya Jawa nungkul | ri sampuning lama-lama | apêputra sang prabu pan miyos èstri | Ni Bramani kang nama ||
06.009 Ni Bramani Tri Trustha putrèki | Tri Trustha aputra Parikênan | Sang Parikênan putrane | Manumanasa iku | Sang Manumanasa putrèki | aran Satrukêm[3] ika | Satrukêm asunu | Sakri namaning atmaja | Sang Hyang Sakri Palasara putranèki | Palasara aputra ||
06.010 Bagawan Biyasa ya putrèki | nulya putra Pandhu Dewanata | ing Ngastina nagarane | wus alama asunu | Sang Arjuna ingkang kêkasih | sang Arjuna pêputra | nama Abimanyu | samana pralinèng rana | tilar grêwa anuju sêpuh garbini | miyos jalu kang putra ||
06.011 Ajêjuluk Raja Parikêsit | iya ing Ngastina prajaneka | Sang Yudayana putrane | Yudayana asunu | Gêndrayana ingkang wêwangi | aputra Jayabaya | sirna nêgarèku | Sang Jayabaya pêputra | ya kang nama Jayamijaya putreki | putra Jayamisena ||
06.012 Jayamisena [35: Jayami...sena] putranirèki | kang mangaran Kusuma Wicitra | Ki Citrasoma putrane | Citrasoma asunu | Păncandriya ri kang wêwangi | aputra Anglingdriya | punika asunu | Sang Raja Suwelacala | pan jumênêng narendra ing tanah Jawi | iya Purwacarita ||
06.013 Raja Selacala iku nênggih | apêputra Sri Mapunggung ika | Jugul Mudha pêpatihe | Sri Mapunggung asunu | Kandhiawan ingkang wêwangi | apêpatih Konthara | Konthara puniku | iya anak Jugul Mudha | Kandhihawan lêlima putranirèki | Ki Panuhun pangarsa ||
19–20 dari 277

 


mangke. (kembali)
madyapadane. (kembali)
Sakutrêm (dan di tempat lain). (kembali)