Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 46
25–26 dari 277
242–251 dari 2.770
06.056 arsa panggih kalawan sirèki | anak para Ki Siyung Wanara | kyai pandhe wruh sêmune | ingsun tinggal puniku | datan sun prih anambut kardi | dimon tutug dêdolan | ing sakarsanipun | Kyai Buyut ing Karawang | nulya mantuk tan warnanên sampun lami | Jaka Siyung Wanara ||
06.057 tumut sêsinau pandhe wêsi | aparon dêkung apukul tangan | asêsupit jarijine | sakyèhing para êmpu | apandhean cingak ningali | maring Siyung Wanara | ing kasêktènipun | lami-lami pan kasasra[1] | sanêgara yèn ki êmpu putranèki | asêkti mahambara ||
06.058 lan baguse lêwih ingkang warni | anglir dewa Hyanghyang Kamajaya | apêkik anom dhasare | sumrêg kathah wong rawuh | ananonton ing sang apêkik | sakèhe kang tumingal | ras-arasên mantuk | wanèh ana nginêp pisan | kang sawanèh ana milu nglêladèni | gènnya pandhe Ki Jaka ||
06.059 sêsêk jêjêl kang wong nêningali | kang tan antuk ing panggenanira | mêmènèk kayon bae |[2] pagêre kyai êmpu [46] | lêbur dene wong nêningali | rusak pawismanira | tanêm tuwuh gêmpur | ki êmpu lingira ngucap | ing wong kathah sadayane kang ningali | padha wèha balănja ||
06.060 kang somahan padha sun jaluki | ngalih reyal răngdha tigang reyal | walanjar patang reyale | kang parawan puniku | pitung reyal sun jêjaluki | dhudha lawan pra jaka | sami ngênêm suku | sakathahe kang tumingal | ananggupi nini-nini dèn jaluki | wong roro sangang reyal ||
06.061 lan nyênyamikane aywa kari | wong sijine sami nyarampadan | bêborèh lan sêkare |[3] myang damar malamipun | lamun dalu obor nyatunggil | samya sanggup sadaya | malah samya muwus | manawi wontên pundhutan | saliyane dika ucapakên malih | eca abudidaya ||
06.062 wus alami Ki Jaka ing mangkin | sêmana arsa dhatêng ing pasar | ki pandhe ngampah karsane | sira midhanga esuk | lamun barêng kalawan mami | sarya dol kalithikan | mênêng sang abagus | ya ta prapta ing sêmaya | nulya mêdal ing lêlurung sang apêkik | paranipun mring pasar ||
06.063 kae Jaka ika ya mulat ing | gajah ginuyang Ki Jaka tanya | bapa ika pa arane | ingkang agêng ngragunuk | kae êmpu [47: ê...mpu] sira ling aris | bagus ika ran gajah | wahananing ratu | ri kang liman gya umulat | mring Ki Jaka doh pinalaywanan aglis | prapta mêndhak ing ngarsa ||
06.064 tulalya sahya tininggil-tinggil | yyan janmaa gajah ika ngucap | dhuh gusti ngwang kita anggèr | lah yogya sang abagus | manitiha ing gigir mami | lah dawêk ulun bêkta | malêbèng kadhatun | cundhuka ing yayah kita | uwus pêsthi ing dewa kita gêntosi | nata ing Pajajaran ||
06.065 gya ingusap gadhing ri kang èsthi | iya maring sang Siyung Wanara | ri sampuning ngusap rêke | Ki Jaka nulya mantuk | kang wong sami cingak mulat ing | Risang Siyung Wanara | ri satingkahipun | ki êmpu atêbah jaja | dahat ajrih lingira sahasmu tangis | dhuh sutèng ulun nyawa ||
25–26 dari 277

 


kasusra. (kembali)
Kurang satu suku kata: mêmènèk kêkayon bae. (kembali)
Kurang satu suku kata: bêborèh lawan sêkare. (kembali)