Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 46
26–27 dari 277
258–267 dari 2.770
06.072 sigra prapta jro bale tumuli | Siyung Wanara kapanggih sira | sêsareyan anèng balèng | ya ta agya tinubrug |[1] cinêkêlan ing para mantri | jêro miwah kapêdhak | kêbêk sarirèku | ya ta Ki Siyung Wanara | gya akirig saha apêtak sira glis | mantri pating palêsat ||
06.073 samya têmpuh wak rowangirèki | ana putung suku balungira | wanèh kang rêmêk igane | sêmpal baunirèku | ilat mele[2] mata mundêlik | ana pêcah mukanya | wanèh ana lampus | sakarine ingkang pêjah | pan malayu ya ta ngungsi ring nrêpati | samya tur pêjah gêsang ||
06.074 sri narendra ngandikasmu runtik | kang ana ring baleningwang ika | bocah ngêndi pangakune | inggih ingaturanipun |[3] kapandhean wismanirèki | anake êmpu lurah | wau sanggupipun | ya ta ngandika sang nata | lah timbalana si êmpu lurah aglis | ki êmpu sigra prapta ||
06.075 sri narendra sigra dènirangling | hèh pandhe sapa kang duwe anak | wani-wani gêpok bale | lan sapa aranipun | punang pandhe umatur aris | inggih anak kawula | punika ranipun | pun Jaka Siyung Wanara | angandika sang nata arum amanis | timbalana nakira ||
06.076 ki êmpu sigra angandikani | mring anak aran Siyung [50: Si...yung] Wanara | nulya prapta tan asuwe | ing ngayunan alungguh | sri narendra angandika ris | iku nakira dhawak | pun pandhe umatur | inggih suteng ulun dhawak | ling sang nata duk kapan măngsa sirèki | yèn aduwea anak ||
06.077 apan ingsun lawase udani | lamun kita aduwea anak | pun pandhe atur sêmbahe | inggih rêke pukulun | sayêktose gèn amêmanggih | sang aprabu angandika |[4] nakira sun pundhut | pun pandhe atur sumăngga | duk sêmana tinumutakên sira glis | ing rare panakawan ||
06.078 lami-lami dènira angabdi | Siyung Wanara asring kinon prang | ambêdhah nagara lyane | pisan pindho ping têlu | apan mênang dènira jurit | ngaturakên bobokan | saboyonganipun | katur dhatêng sang nata |[5] sakalangkung asangêt sihing nrêpati | dhatêng Siyung Wanara ||
06.079 sangking sangêt sihirèng nrêpati | kala sêmana Siyung Wanara | saya katingal sêktine | apan saya kalangkung | pasihane sri narapati | datan kêna asuda | dhatêng sang abagus | antuk pangawulanira | mring Sang Nata sinêngkakakên ing nginggil | jinunjung saking ngandhap ||
06.080 pan kinulawisuda siraglis | Siyung Wanara jinunjung lênggah [51] | ngaran Arya Banyak Widhe | salêksa linggihipun | pinêtêdhan kêndhaga rukmi | ingakên putra-putra | alêlamak babut | adalêm saloring pasar | kinawênangakên ing soring siniwi | anabuh lokanănta ||
06.081 lan winênang anrapakên adil | wong dêdosan ingkang ukum lara | miwah ingukum pêjahe | tan kawarna lamèku | Arya Banyak Widhe tur aris | dhatêng sri naranata | suwawi pukulun | kang abdi pandhe sadaya | ulun suwun akaryaa sanjata di | karya dandananing prang ||
26–27 dari 277

 


tinubruk. (kembali)
mèlèt. (kembali)
Lebih satu suku kata: inggih ing aturipun. (kembali)
Lebih satu suku kata: sang prabu angandika. (kembali)
Kurang satu suku kata: katur dhumatêng sang nata. (kembali)