Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 46
20–21 dari 277
194–203 dari 2.770
06.008 nèng madyapada wus madêg aji | Bathara Wisnu dadya narendra | siniwi lêlêmbut kabèh | muwah Hyang Brama uwus | madêg ratu sujalma nênggih | Gilingwêsi puranya | nusya Jawa nungkul | ri sampuning lama-lama | apêputra sang prabu pan miyos èstri | Ni Bramani kang nama ||
06.009 Ni Bramani Tri Trustha putrèki | Tri Trustha aputra Parikênan | Sang Parikênan putrane | Manumanasa iku | Sang Manumanasa putrèki | aran Satrukêm[1] ika | Satrukêm asunu | Sakri namaning atmaja | Sang Hyang Sakri Palasara putranèki | Palasara aputra ||
06.010 Bagawan Biyasa ya putrèki | nulya putra Pandhu Dewanata | ing Ngastina nagarane | wus alama asunu | Sang Arjuna ingkang kêkasih | sang Arjuna pêputra | nama Abimanyu | samana pralinèng rana | tilar grêwa anuju sêpuh garbini | miyos jalu kang putra ||
06.011 Ajêjuluk Raja Parikêsit | iya ing Ngastina prajaneka | Sang Yudayana putrane | Yudayana asunu | Gêndrayana ingkang wêwangi | aputra Jayabaya | sirna nêgarèku | Sang Jayabaya pêputra | ya kang nama Jayamijaya putreki | putra Jayamisena ||
06.012 Jayamisena [35: Jayami...sena] putranirèki | kang mangaran Kusuma Wicitra | Ki Citrasoma putrane | Citrasoma asunu | Păncandriya ri kang wêwangi | aputra Anglingdriya | punika asunu | Sang Raja Suwelacala | pan jumênêng narendra ing tanah Jawi | iya Purwacarita ||
06.013 Raja Selacala iku nênggih | apêputra Sri Mapunggung ika | Jugul Mudha pêpatihe | Sri Mapunggung asunu | Kandhiawan ingkang wêwangi | apêpatih Konthara | Konthara puniku | iya anak Jugul Mudha | Kandhihawan lêlima putranirèki | Ki Panuhun pangarsa ||
06.014 karêmêne rêke among tani | dadi ratuning wong tani ika | awisma ana Bagêlèn | Sandhanggarba panggulu | karêmêne adagang nênggih | dadya ratu sudagar | Japara wismèku | panêngahe Karungkala | karêmêne saba wana apan dadi | tuwaburu ratunya ||
06.015 ing Parambanan wismanirèki | iya iku ta Sang Ratu Baka | Tunggul Mêtung sumêndhine | adèrès rêmênipun | dadi ratu wong karya nguni | Rêsi Gathayu ika | nênggih kang wuruju | arêmên saba paseban | pan jumênêng ratu ing Koripan nênggih | agêntèni kang rama ||
06.016 sakathahe sanak papat iki | sami asrah buluwêktinira | glondhong pangarêng-arênge | maring Rêsi Gathayu | kang jumênêng Koripan nguni | Rêsi Gathayu ika | lêlima kang sunu | pambayun Rara Sucian | iya Kili [36] panggulu Miluhur singgih | iya Natèng Janggala ||
06.017 panêngahe Lêmbu Pêtêng nênggih | iya iku ta Sang Natèng Daha | Lêmbu Pangarang arine | iya kang dadi ratu | ing Gêgêlang kalane dhingin | ni ragil Srêgiwangsa | pan akrama antuk | nênggih Lêmbu Amijaya | kang jumênêng ratu anèng Singasari | duk Jawa pinănca pat ||
20–21 dari 277

 


Sakutrêm (dan di tempat lain). (kembali)